Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦫꦲꦪꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦧꦶꦭꦲꦶꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 3, 1-11
ꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦠꦶꦧꦉꦁꦏꦫꦺꦴꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤꦏꦧꦺꦃꦱꦶꦁꦤ꧀ꦢꦺꦴꦚꦤꦶꦲꦶꦁꦝꦶꦫꦶꦩꦸ꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 6, 20-26
ꦫꦲꦪꦸꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦧꦶꦭꦲꦶꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃ

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦏꦿꦤꦧꦧ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦏꦶꦠꦲꦶꦏꦶꦢꦢꦶꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦚꦂꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦝꦏꦸꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠꦪꦏꦸꦢꦸꦔꦼꦤꦼꦂꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦕꦫꦕꦫꦱꦶꦁꦢꦺꦴꦱ꧉ꦏꦢꦺꦴꦚꦤ꧀ꦏꦼꦤꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦴ꧈ꦤꦔꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦤꦸꦗꦸꦩꦫꦁꦏꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤ꧀꧈ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦱꦸꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦶꦠ꧉ꦧꦧ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦸꦢꦸꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦠ꧉

ꦱꦧ꧀ꦢꦫꦲꦪꦸꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦭꦸꦏꦱ꧀ꦢꦶꦠꦠꦏꦁꦒꦺꦴꦚꦸꦔꦸꦭ꧀ꦭꦏꦺꦧꦺꦢꦤꦺꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃ꧉ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦁꦢꦶꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦪꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦩꦤꦸꦠ꧀ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦢꦶꦱꦸꦧꦱꦸꦧ꧉ꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦠꦶꦤꦂꦧꦸꦏꦲꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦩ꧀ꦥꦲꦤꦸꦒꦿꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦲꦠꦶꦤꦺꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦸꦁꦥꦼꦤꦸꦃꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦥꦔꦉꦥ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺ꧉ꦤꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦧꦺꦢꦲꦸꦏꦸꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦫꦤꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦂꦠꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦮꦭꦸꦪꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦱꦂꦠꦱꦸꦩꦝꦶꦪꦩꦭꦶꦃꦠꦸꦭꦸꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦸꦁ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 3, 1-11
Kowé wis mati bareng karo Sang Kristus; mulané patènana kabèh sing ndonyani ing dhirimu.
Luk. 6, 20-26
Rahayu wong-wong miskin! Bilai wong-wong sugih.

Nalika samana Gusti Yésus mriksani para murid banjur ngandika: "Rahayu para miskin, awit padha ndarbèni kratoning Allah. Rahayu sing padha luwé, awit bakal padha kacukupan. Rahayu sing padha nangis, awit bakal padha gumuyu. Rahayu kowé, yèn disengiti ing wong, ditundhung, diolok-olok lan dipitenah karana Putraning Manungsa. Dibungah lan suka-gambira ing dina iku, awit gedhé ganjarannya ana ing swarga, jalaran ya kaya mangkono iku anggoné padha nganiaya para leluhur. Nanging bilai kowé para sugih, awit saiki kowé wis ngrasakaké panglipuring. Bilai kowé sing wit wareg, awit kowé bakal ngrasa luwé. Bilai kowé sing padha gumuyu, awit kowé bakal susah lan nangis-nangis. Bilai kowé yèn disuba-suba déning manungsa, awit ya kaya mangkono iku para leluhur anggoné nanggapi nabi-nabi gadhungan.

Panglimbang

Krana baptis kita iki dadi manungsa anyar lan wis didhaku déning Sang Kristus dadi kagungan Dalem. Mulané urip kita ya kudu ngener marang Panjenengané, lan saben dina ninggal cara-cara sing dosa. Kadonyan kena dianggo, nanging kudu nuju marang kaswargan. Sang Kristus sugeng ing kita. Bab iki kudu katon ana ing tindak-tanduk kita.

Sabda rahayu miturut Lukas ditata kanggo nyungulaké bédané miskin lan sugih. Déné sing dianggep sugih yaiku sing manut wawasaning donya disuba-suba. Wong sing miskin yaiku wong sing tinarbuka atiné kanggo nampa anugrah Gusti lan atiné gumantung penuh ing Allah lan pangarep-arep marang Allah ana ing uripé. Nanging Gusti anggèné mbangun kraton Dalem béda ukurané.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem karana kasagahan Dalem sarta kaleksananipun wonten ing Sri Yésus, sadhèrèk kawula. Keparenga kawula sami waluya saking dosa, sarta sumadhiya malih tulung-tinulung. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.