Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦲꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦠꦧꦶꦱꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦠ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
1 ꦠꦶꦩꦺꦴꦠꦶꦪꦸꦱ꧀ 1, 1-2.12-14
ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦏꦸꦚꦼꦚꦩꦃꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦤꦩ꧀ꦥꦱꦶꦃꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 6, 39-42
ꦲꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦠꦧꦶꦱꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦠ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦔ꧀ꦭꦪꦤ꧀ꦤꦶꦩꦶꦠꦿꦤꦺꦱꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦠꦶꦩꦺꦴꦠꦺꦪꦸꦱ꧀꧈ꦲꦠꦸꦂꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦢꦶꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦺ꧉ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦔꦿꦸꦩꦁꦱꦤꦶꦱꦥꦶꦫꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦢꦺꦴꦃꦲꦺꦏꦫꦺꦴꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦔꦸꦪꦲꦸꦪꦥꦫꦥꦔꦤꦸꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦩꦂꦒꦱꦶꦃꦢꦊꦩ꧀ꦩꦭꦃꦥꦶꦤꦶꦭꦶꦃꦢꦢꦶꦫꦱꦸꦭ꧀꧈ꦏꦲꦤꦤ꧀ꦏꦶꦠꦲꦶꦏꦶꦩꦂꦒꦱꦏꦱꦶꦃꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀꧈

ꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦥꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦲꦮꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧉ꦲꦶꦏꦶꦲꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦮꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦲꦏꦺꦔꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦠꦠꦭꦲꦶꦂꦭꦤ꧀ꦭꦼꦭꦩꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦧꦶꦱꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦪꦧꦶꦱꦔ꧀ꦭꦸꦧꦺꦂꦫꦏꦺꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦩꦲꦸꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦼꦥꦝꦁꦠꦸꦩꦿꦥꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀‌ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦥꦔꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦝꦠꦼꦁꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀‌ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚ꧉ꦗꦼꦂꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
1Tim. 1, 1-2.12-14
Biyèn aku nyenyamah Allah, nanging saiki nampa sih kawelasan Dalem.
Luk. 6, 39-42
Andak wong wuta bisa nuntun wong wuta.

Nalika samana Gusti Yésus ngandikakaké pasemon mangkéné: "Andak wong wuta bisa nuntun wong wuta? Andak kekaroné ora banjur kacemplung ing luwangan? Ora ana murid sing ngungkuli guruné. Nanging jeneng wutuh pandhidhikané, yèn bisa ngèmperi guruné. Yagéné ngawasaké tatal ing mripating sadulurmu, nanging ora tau weruh balok ing mripatmu dhéwé? Kepriyé bisamu kandha: "Sadulur, tatal ing mripatmu iku dakilangané", yèn kowé dhéwé ora weruh balok ing mripatmu? Wong lamis, singkirna dhisik balok ing mripatmu, karebèn luwih awas pandêlêngmu lan bisa ngilangi tatal ing mripating sadulurmu".

Panglimbang

Paulus nglayani mitrané sutresna Timotéus. Atur panuwuné marang Allah dikatonaké. Awit ngrumangsani sapira biyèn adohé karo timbalané. Biyen nguya-uya para panganut Dalem Sang Kristus. Nanging saiki marga sih Dalem malah pinilih dadi rasul. Kaanan kita iki marga saka sih kawelasan Dalem Pangéran.

Wong sing dadi panuntun iku kudu awas lan prayitna. Iki ateges wisiking ati kudu didhisikaké ngungkuli tata-lair lan lelamisan. Yèn kita bisa ndarbèni sabdaning Allah, ya bisa ngluberaké sabda Dalem mau sing dadi tuntunan lan pepadhang tumrap wong liya.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun, déné Gusti sampun ngutus pangèn tuwin panuntun inggih punika Sri Yésus, sadhèrèk kawula. Keparenga Panjenenganipun nuntun kawula dhateng katentreman, ingkang sanget dipun antu-antu ing donya. Jer Panjenenganipun punika ingkang jumeneng ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.