ꦢꦶꦥꦝꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦱꦠ꧀ꦭꦺꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦏꦪꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦧꦺꦢꦤꦺꦱꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫ꧉ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦢꦸꦔꦸꦢꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦤ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦸꦢꦸꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦸꦭꦝꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧈ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦥꦱꦿꦃꦩꦫꦁꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀ꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧉ꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦤꦏꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈
ꦲꦁꦒꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦿꦱꦲꦔꦺꦭ꧀ꦕꦏ꧀ꦕꦏ꧀ꦲꦤꦺ꧈ꦱꦩꦁꦱꦏꦼꦠꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦲꦠꦶꦤꦺ꧉ꦤꦔꦶꦁꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦔ꧀ꦭꦫꦁꦩꦊꦱ꧀ꦲꦭ꧉ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦤꦭꦂ꧈ꦏꦶꦠꦏꦸꦢꦸꦮꦤꦶꦤꦿꦶꦩꦭꦤ꧀ꦮꦤꦶꦔꦥꦸꦫ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦿꦤꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭꦩꦶꦤꦁꦏꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈ꦏꦥꦉꦁꦔꦔꦽꦩ꧀ꦧꦏꦱꦸꦧꦸꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦠꦼꦔꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦝꦼꦩꦶꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦥꦸꦤꦶꦏ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Nalika samana Gusti Yésus ngandika marang para murid Dalem mangkéné: "Kowe sing padha ngrungokaké Aku, Dakkandhani: Tresnanana mungsuh-mungsuhmu, becikan sing sengit marang kowé, pujèkna becik sing mujèkaké ala marang kowé, lan sembahyanga sing ngala-ala kowé. Yèn pipimu ditapuk, ulungna sing sasisih pisan; yèn sandhunganKu dijaluk, aja owel ngulungaké rangkepanmu. Wong sing njejaluk, wènèhana lan aja njaluk bali barangmu sing dijupuk wong liya. Sing kojaluk tumanduk marang awakmu, tindakna uga marang wong liya. Yèn kowé mung nresnani sing tresna marang kowé, banjur apa jasamu? Dalasan wong dosa ya tresna marang wong sing nresnani dhèwèké. Lan yèn kowé mbeciki wong sing mbeciki kowé, banjur apa jasamu? Wong dosa baé ya tumindak mangkono. Lan yèn kowé nyilihaké barang, sing kena koarep-arep baliné, banjur apa jasamu? Wong dosa ya ngurangi wong dosa, lan njaluk bali sing padha. Nanging kowé, mungsuh-mungsuhmu tresnanana, becikan, lan silihana tanpa ngarep-arep apa-apa. Ing tembé ganjarannya bakal gedhé lan kowé dadi putrané Hyang Mahaluhur, awit Panjenengané iku tansah saé marang wong sing ora ngerti ing panarima lan wong ala. Mula dipadha ambek-welas, kaya déné Ramamu anggèné ambek-welas. Aja ngadili lan kowé ya ora bakal diadili; aja netepaké salahing liyan, lan kowé ya ora bakal ditetepaké salahmu. Ngapura lan kowé ya bakal genti diapura. Wèwèha, lan kowé ya bakal diwènèhi: takeran sing bener, madhêt lan dienet-enet nganti luber bakal disuntakaké ing pangkonmu, awit takeran sing dienggo ngukur, iku sing kanggo ngukur kowé".
Panglimbang
Satléraman kaya ora ana bédané sing ngandel karo sing ora. Saben wong kudu ngudi urip pasaduluran. Nanging sing ngandel kudu mbangun katresnan marang pepadha miturut tuladha Dalem Sang Kristus. Panjenengané pasrah marang Pasamuwan kaya déné pangantèn kakung. Kabèh dikurbanaké kanggo Pasamuwan Dalem.
Anggering katresnan sok krasa angèl cak-cakané, samangsa ketaton dhéwé atiné. Nanging Injil nglarang malês ala. Sanadyan katoné ora ketemu nalar, kita kudu wani nrima lan wani ngapura.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun krana katresnan ingkang kaparingaken dhateng kawula minangka angger-angger ingkang énggal. Keparenga ngrembaka subur wonten ing tengah-tengah kawula, dhemi katentreman ing donya punika. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: