Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦤꦸꦭꦶꦩꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦭꦱ꧀‌ꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦫꦱꦸꦭ꧀

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 2, 6-15
ꦏꦺꦴꦮꦺꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦏꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦧꦉꦁꦏꦫꦺꦴꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦭꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦃ꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 6, 12-19
ꦱꦮꦼꦔꦶꦤꦠꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ꧉ꦤꦸꦭꦶꦩꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦭꦱ꧀‌ꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦫꦱꦸꦭ꧀꧈

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦠꦲꦶꦏꦶꦲꦺꦴꦫꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦤꦏꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦔꦫꦸꦃꦲꦺꦥꦤꦼꦩꦸꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦤꦼꦂ꧉ꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦧꦲꦺꦏꦼꦤꦢꦶꦠꦼꦫꦁꦔꦏꦺ꧉ꦤꦔꦶꦁꦏꦶꦠꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀‌ꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦱꦸꦒꦼꦁꦭꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦭꦤ꧀ꦥꦸꦱꦼꦂꦫꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦱꦮꦼꦒꦸꦁ꧉

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦱꦶꦁꦏꦶꦠꦊꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦔꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦤꦸꦗꦸꦩꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦫꦱꦸꦭ꧀꧈ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦫꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦧꦱꦪꦸꦤꦤꦶꦄꦥꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦴꦭꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀꧈ꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦱꦏꦿꦩꦺꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦿꦶꦱ꧀ꦩꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦊꦩ꧀‌ꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦢꦢꦶꦫꦱꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦂꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ꧈ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦩꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦫꦱꦸꦭ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦥꦝꦢꦶꦪꦸꦠꦸꦱ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦠꦸꦭꦝꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦕꦏ꧀ꦕꦏ꧀ꦲꦤꦺ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦲꦢꦶꦭ꧀‌ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦽꦱꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧈ꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦏꦥꦉꦁꦒꦼꦱꦁꦏꦫꦤꦱꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦏꦠꦼꦒꦸꦃꦤꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀‌ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 2, 6-15
"Kowé wis diuripaké déning Pangéran bareng karo Panjenengané lan pinaringan sakèhing sih."
Luk. 6, 12-19
"Sawengi natas Gusti sêmbahyang. Nuli milih wong rolas, sing disebut rasul."

Nalika samana Gusti Yésus tindak minggah gunung perlu sêmbahyang lan sawengi natas anggèné sêmbahyang marang Allah. Baret wis ésuk para murid paft ditimbali, lan rolas sing pinilih lan disebut rasul, yaiku: Simon, sing olèh paraban Pétrus, sarta Andréas, saduluré, Yakobus lan Yoanes, Philips ly Bartolomeus, Matéus lan Tomas, Yakobus Alphéus lan Simon, sing karan Mempeng, Yudhas saduluré Yakobus lan Yudhas Iskariot, sing nyidrani Gusti. Gusti nuli medhak saka ing gunung lan kèndel ana ing papan sing bawéra. Para murid lan umat akèh saka Yudhéa lan Yérusalèm, apa déné saka pasisir Tirus lan Sidon, padha teka perlu ngrungokaké piwulang Dalem sarta nyuwun warasing lelarané. Lan sing padha kaganggu- roh ala padha pinaringan waras. Mula kabèh kepéngin nggepok Gusti, awit ana daya sing mijil saka Panjenengané lan kabèh padha pinaringan waras.

Panglimbang

Ing jaman kita iki ora nggumunaké, yèn kita kena ing pangaruhé panemu sing ora bener. Kabèh mau mesthi baé kena diterangaké. Nanging kita iki wis niyat arep urip miturut pranatan Dalem Sang Kristus, kaya déné anggèné sugeng lan jumeneng sumber lan pusering alam sawegung.

Waosan Injil sing kita lelimbang dina iki nyritakaké Gusti Yésus nuju milih para rasul. Tembung rasul ing basa Yunani apostolos tegesé kautus. Kita kabèh sing wis nampa sakramen Baptis lan Krisma kautus dadi murid Dalem, yaiku kautus dadi rasul lan martakaké kabar kabungahan marang pepadha.

Gusti netepi sêmbahyang, sadurungé milih para Rasul. Lan sadurungé padha diutus, wis diparingi tuladha dhisik kepriyé ing tembé cak-cakané.

Sêmbahyang

Allah ingkang Maha adil, kawula munjuk sembah nuwun, déné Gusti sampun karsa ngandika dhateng kawula, déné kawula kepareng gesang karana sih Dalem. Kawula nyuwun mugi kateguhna kawula ing katresnan Dalem dhateng manungsa. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.