Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦩꦫꦱ꧀ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦱꦧꦠ꧀

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 1, 24-2:3
ꦄꦏꦸꦢꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦤꦶꦁꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀‌ꦥꦽꦭꦸꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦼꦏꦼꦂꦫꦤ꧀ꦏꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦸꦤꦩꦸꦭꦒꦶꦤꦲꦶꦧ꧀꧈
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 6, 6-11
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦢꦶꦲꦸꦭꦠ꧀ꦲꦸꦭꦠ꧀ꦲꦏꦺ꧈ꦲꦥꦏꦂꦱꦩꦫꦱ꧀ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦱꦧꦠ꧀꧈

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦧꦸꦔꦃ꧈ꦢꦺꦤꦺꦫꦸꦩꦁꦱꦏꦥꦉꦁꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦁꦱꦫꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦔ꧀ꦭꦧꦸꦃꦲꦶꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ꧉ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦸꦭꦢ꧀ꦩꦫꦁꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀‌ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦸꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦏꦧꦺꦃꦲꦺꦩꦫꦁꦭꦶꦪꦤ꧀꧈ꦱꦿꦤꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦤꦸꦭꦶꦢꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦮꦸꦠꦸꦃꦲꦺ꧉

ꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧉ꦱꦶꦁꦱꦥꦲꦉꦥ꧀ꦔꦼꦠꦿꦥ꧀ꦲꦏꦺꦲꦁꦒꦼꦂ꧈ꦪꦏꦸꦢꦸꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦶꦥꦿꦏꦫꦲꦶꦏꦶꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦔꦪꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶꦲꦁꦒꦼꦂ꧉ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦧꦲꦺꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦺꦲꦁꦒꦼꦂꦪꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦱꦒꦼꦊꦩ꧀ꦩꦺ꧉ꦤꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦔꦸꦢꦶꦚꦮꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦤꦺ꧈ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦸꦪꦩꦤꦸꦠ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦿꦤꦏꦏꦶꦪꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ꧉ꦩꦸꦒꦶꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦒꦼꦱꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦗꦼꦂꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 1, 24-2:3
"Aku dadi abdining Pasamuwan, perlu martakaké kekeran kang wiwit kuna mula ginaib."
Luk. 6, 6-11
"Gusti diulat-ulataké, apa karsa marasaké ing dina sabat."

Nalika samana Gusti Yésus ing dina sabat mlebet ing sinagoga arep memulang. Ing kono ana wong sing apes tangané. Para ahli kitab lan para Parisi padha ngulat-ngulataké, apa Gusti karsa marasaké ing dina sabat. Yèn mangkono Gusti banjur kena diluputaké. Nanging Gusti priksa batiné wong-wong mau, banjur dhawuh marang wong sing apes tangané: "Ngadega lan majua ing tengah kéné". Wong mau nuli ngadeg lan maju. Gusti Yésus ngandika: "Aku takon marang kowé: kepriyé prayogané ing dina sabat tumindak becik, apa tumindak ala? Nulung jiwa apa gawé tiwas?" Gusti nuli mriksani ngiwa-nengen, banjur ngandika marang wongé: "Athungna tanganmu!" Wong manut lan tangané waras manèh. Ing kono wong-wong padha muring-muring lan padha rerembugan, Gusti arep dikapakaké.

Panglimbang

Ana ing pakunjaran Paulus bungah, déné rumangsa kepareng ndhèrèk ing kasangsaran Dalem Sang Kristus kanggo nglabuhi umat ing Kolosé. Kanthi nulad marang Sang Kristus, Paulus niyat arep ngudhokaké sakabèhé marang liyan. Srana mangkono nuli dadi abdi Dalem Sang Kristus, lan bisa martakaké sabdaning Allah sawutuhé.

Angger-angger iku kanggo kaslametaning manungsa. Sing sapa arep ngetrapaké angger, ya kudu ngélingi prakara iki lan ora banjur mbudidaya ngayomi angger. Mêsthi baé nerangaké angger ya ora kena sagelemé. Nanging yèn kita ngudi nyawang manungsané, uripku ya manut Injil.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun krana kakiyatan tuwin kawicaksanan ingkang dipun paringaken dhateng kawula lantaran Sri Yésus, Putra Dalem kinasih. Mugi semangatipun Putra Dalem wau tansah nuntuna gesang kawula. Jer Panjenenganipun punika ingkang jumeneng ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.