Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦌꦥ꦳ꦠ꧈ꦩꦼꦔꦲ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦪꦺꦱꦪ 35, 4-7a
ꦪꦏꦺꦴꦧꦸꦱ꧀ 2, 1-5
ꦩꦂꦏꦸꦱ꧀ 7, 31-37

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦢꦶꦤꦲꦲꦢ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦩꦂꦏꦸꦱ꧀ꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦺꦧꦧ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦧꦸꦝꦼꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦸ꧉ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦏꦶꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦏꦲꦺꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦲꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦺꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦲꦸꦒꦥꦿꦕꦪꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦼꦛꦶꦛꦶꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦚꦶꦥꦠ꧀ꦠꦶꦭꦁꦱꦸꦁꦏꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧉

ꦲꦶꦁꦏꦕꦩꦠꦶꦩꦤ꧀‌ꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦲꦱꦿꦶꦁꦔꦭꦩ꧀ꦩꦶꦭꦫꦧꦸꦝꦼꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦸ꧉ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺꦏꦶꦠꦲꦱꦿꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦲꦸꦠꦮꦚ꧀ꦗꦫꦒ꧀ꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦸꦒꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈

ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦲꦲꦢ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦱꦸꦕꦶꦤꦱꦾꦺꦴꦤꦭ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦲꦶꦫꦃꦲꦶꦫꦃꦲꦤ꧀꧇ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦩꦶꦠꦿꦲꦶꦁꦱꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦒꦼꦱꦁ꧉ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦶꦱꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦢꦠꦤ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦱꦭꦸꦩꦿꦃꦲꦺ꧉ꦩꦭꦃꦏꦥꦫꦠꦠꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦒꦼꦱꦁꦲꦺꦴꦮꦃꦒꦶꦁꦱꦶꦂ꧈ꦲꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦤꦤ꧀ꦢꦁꦭꦫ꧈ꦮꦼꦢꦶ꧈ꦮꦱ꧀ꦮꦱ꧀‌ꦧꦶꦔꦸꦁ꧈ꦏꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦥꦔꦉꦥ꧀ꦲꦉꦥ꧀꧈ꦩꦸꦭꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦏꦶꦠꦏꦠꦼꦒꦸꦃꦲꦏꦺꦩꦮꦱꦶꦗꦶꦧꦧ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦶꦠꦲꦺꦴꦫꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀‌ꦏꦶꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤ꧀ꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠꦭꦤ꧀ꦏꦽꦱꦫꦮꦸꦃꦔꦺꦢꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦢꦺꦔꦃꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀꧈ꦱꦲꦺꦁꦒꦏꦶꦠꦢꦶꦪꦗꦏ꧀ꦱꦁꦱꦪꦤꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦏꦶꦠꦧ꧀ꦱꦸꦕꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦱꦸꦕꦶ꧈ꦔꦽꦱꦼꦥ꧀ꦲꦏꦺꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦠꦿꦥ꧀ꦲꦏꦺꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏ꧀ꦭꦸꦮꦂꦒ꧈ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦠꦱ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦭꦶꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧉

ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦗꦸꦢ꧀ꦲꦏꦺꦕꦃꦪꦃꦪꦥꦼꦥꦝꦁ꧈ꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦭꦏꦸꦤꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠꦲꦶꦁꦝꦺꦴꦚꦲꦶꦏꦶ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦒꦼꦊꦩ꧀ꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦒꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦱꦲꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦱꦁꦔꦒꦼꦩ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦲꦂꦫꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤ꧀꧈ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦫꦤꦤꦸꦒꦿꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦥꦉꦁꦔꦱꦩꦶꦔꦽꦩ꧀ꦧꦏ꧈ꦲꦩꦿꦶꦃꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀‌ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Yes. 35, 4-7a
Yak. 2, 1-5
Mrk. 7, 31-37

Sawisé iku Yésus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak langkung Sidon menyang tlaga Galiléa, nratas tanah Dékapolis. Wong-wong tumuli nggawa wong kang budheg lan angèl guneman sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané numpangi asta marang wong iku. Sawusé wong mau kadhèwèkaké saka wong golongan, dadi mung kari karo Yésus, Panjenengané banjur nglebetaké drijiné ing kupingé wong iku, sawusé kecoh banjur ndumuk ilaté wong mau. Sawisé mangkono, kanthi tumenga ing langit Panjenengané unjal ambekan, banjur ngandika marang wong mau, "Éfata!" tegesé: Mengaa! Sanalika kupingé padha kabukak, apadéné bundhelaning ilaté udhar, banjur bisa guneman kanthi cetha. Panjenengané tumuli meling wong golongan, aja padha kandha-kandha marang sapa baé. Nanging sangsaya keras Panjenengané meling wong-wong golongan iku, sangsaya mempeng anggoné padha martakaké. Déné wong golongan kabèh padha kaéraman banget lan padha ngucap, "Panjenengané iku wus nggawé samubarang dadi becik, wong-wong kang budheg padha dadi bisa krungu, lan wong-wong kang bisu padha dadi bisa guneman."

Panglimbang

Dina Ahad iki, Injil Markus nerangaké bab Gusti Yésus paring kasarasan marang wong budheg lan bisu. Prakawis iki wong-wong padha kaéraman banget kaliyan Gusti Yésus, lan akèh sing mirengaké pangandikané Gusti Yésus uga pracaya Panjenengané. Lan ora sethithik wong-wong pada banjur martakaké prakawis iki karo wong-wong sing ora nyipati langsung kahanan iku.

Ing kacamata iman, kita uga asring ngalami lara budheg lan bisu. Tegesé, kita asring ora ngrungokaké utawa njarag ora gelem ngrungokaké Gusti lan martakaké Sabda Dalem Gusti ana ing tetembungan uga tumindak ing urip padintenan.

Ing dina Ahad Wulan Kitab Suci Nasional mendhet irah-irahan "Gusti Yésus Jumeneng Mitra ing Salampahing Gesang". Awaké dhéwé yèn saiki durung isa nindakaké padatan urip saklumrahé . Malah kêpara tatananing gesang owah gingsir, akèh sing nandhang lara, wedhi, was-was, bingung, kélangan pangarep-arep. Mula minangka pandhèrèk Gusti, kita kateguhaké mawa siji bab yaiku kita ora dhèwèkan, kita sowan ingarsané Gusti sing dadi andel-andeling urip kita lan kersa rawuh ngedaraken asta paring pitulungan ing sadéngah wekdal lan papan. Saéngga kita diajak sangsaya nresnani Kitab Suci kanthi sregep maos Kitab Suci, ngresepaké ing manah kita, lan ditrapaket ing tengah-tengahing urip kluwarga, komunitas, lan lingkungan kita.

Sabda Dalem mujudaké cahya pepadhang, pituduh ancas kanggo mlakuné urip kita ing donya iki, yèn kita gelem ngrungokaké, maos uga nindakaké Sabda Dalem Gusti.

Sêmbahyang

Gusti, umat Dalem pinaringan rejeki saha dipun gegesang ngagem sabda Dalem tuwin dhaharan kaswargan. Sapunika karana nugrahanipun Putra Dalem keparenga sami ngrembaka, amrih pantesa ndhèrèk ing sugengipun Putra Dalem, ingkang jumeneng ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.