Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦶꦤꦱꦧꦠ꧀

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 1, 21-23
ꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦶꦮꦮꦸꦃꦲꦏꦺꦱꦸꦥꦪꦢꦢꦶꦱꦸꦕꦶꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦕꦕꦢ꧀꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 6, 1-5
ꦪꦒꦺꦤꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦶꦁꦢꦶꦭꦫꦁꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦱꦧꦠ꧀?

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦭꦶꦮꦮꦸꦃꦏꦫꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁ꧉ꦭꦸꦩꦿꦃꦲꦺꦏꦶꦠꦫꦸꦩꦁꦱꦪꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦩ꧀ꦭꦁꦏꦃꦝꦺꦮꦺꦝꦶꦱꦶꦏ꧀꧉ꦩꦁꦏꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦭꦺꦤ꧀꧈ꦢꦸꦢꦸꦏꦶꦠꦱꦶꦁꦩꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦤꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦶꦁꦔꦿꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦤꦶꦔꦽꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦮꦮꦸꦃꦏꦫꦺꦴꦏꦶꦠ꧉ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦧꦺꦴꦭꦧꦭꦶꦏꦶꦠꦏꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀‌ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦽꦱꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦚꦂꦩꦤꦺꦃ꧉ꦏꦶꦠꦩꦸꦁꦏꦸꦢꦸꦥꦝꦥꦿꦕꦪ꧉

ꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦽꦭꦸ꧉ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦗꦼꦤꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦩꦼꦩꦭꦁꦔꦶꦱꦿꦮꦸꦁꦔꦺꦩꦤꦸꦁꦱꦏꦫꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦁꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦱꦫꦤꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦁꦒꦪꦸꦃꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀꧈

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀‌ꦢꦺꦤꦺꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦥꦉꦁꦤꦩ꧀ꦥꦶꦥꦥꦫꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦠꦸꦫꦃꦠꦸꦺꦃ꧉ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦿꦤꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧈ꦏꦥꦉꦁꦔꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦲꦸꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦠꦼꦥ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 1, 21-23
Kowé diwawuhaké supaya dadi suci lan tanpa cacad.
Luk. 6, 1-5
Yagéné kowé padha nindakaké sing dilarang ing dina sabat?

Nalika samana nujoni dina sabat Gusti Yésus tindak nglangkungi pategalan gandum. Déné para murid padha nyetuthi wulèn gandum, diwenyet-wenyet lan dipangan. Wong-wong Parisi sawenèh ana sing alok: "Yagéné kowé padha nindakaké sing dilart ing dina sabat?" Nanging Gusti Yésus paring wangsulan: "Apa kowé durung tau maca, apa sing ditindakaké Dawud, nalika panjenengané karo para pandhèrèké padha kaluwèn? Panjenengané rak mlebet ing padalemaning Allah lan mundhut roti caosan, banjur didhahar lan diparingaké marang para pandhèrèké; mangka pancèna ora ana wong sing kena mangan iku kejaba para imam". Gusti isih nambahi pangandika Dalem: "Putraning Manungsa iku Pangéraning dina sabat".

Panglimbang

Martobat lan bali wawuh karo Gusti iku ora gampang. Lumrahé kita rumangsa yèn kudu mlangkah dhéwé dhisik. Mangka sajatiné kosokbalèn. Dudu kita sing miwiti, nanging Gusti sing ngrumiyini ngarsakaké wawuh karo kita. Sanadyan bola-bali kita kaluputan, éwadéné Gusti karsa wiwit anyar manèh. Kita mung kudu padha pracaya.

Angger-angger lan pranatan iku perlu. Nanging ora jenak kanggo nindhes manungsa, lan ora kena memalangi srawungé manungsa karo Gusti Allah piyambak. Mulané angger lan pranatan iku kudu dianggep sarana kanggo nggayuh semangat ing Injil.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun, déné sadinten-dinten tansah kepareng nampi peparing Dalem turah-turah. Kawula munjuk sembah nuwun krana sabdanipun Sri Yésus, Putra Dalem. Keparenga punika wau dados rejeki kawula ingkang tetep. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.