Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝꦥꦱ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 1, 15-20
ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦠꦶꦠꦃꦲꦏꦺꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦭꦤ꧀ꦏꦫꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 5, 33-39
ꦱꦩꦁꦱꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦭꦤꦁꦢꦶꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁ꧈ꦪꦲꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦲꦶꦏꦸꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝꦥꦱ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦔ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦫꦏꦺꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦱꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦱꦁꦏꦤ꧀ꦥꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦧꦺꦃꦠꦶꦠꦃ꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦔꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦱꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦃꦭꦤ꧀ꦢꦢꦶꦝꦱꦂꦫꦺꦏꦫꦲꦪꦺꦴꦤ꧀꧈ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦏꦁꦚꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦭꦤ꧀ꦩꦮꦸꦃꦲꦏꦺꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦱꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀‌ꦱꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦏꦺꦠꦶꦠꦃꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦢꦶꦏꦼꦥꦭꦤꦶꦩꦸꦱ꧀ꦠꦏꦱꦶꦗꦶ꧉

ꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀ꦱꦸꦕꦶꦏꦸꦢꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦚꦂꦫꦏꦺꦝꦶꦫꦶ꧉ꦥꦢꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦸꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦚ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦤꦶꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀‌ꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦩꦶꦠꦸꦤꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶ꧉ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦸꦢꦸꦲꦤꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀‌ꦲꦥꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦗꦂꦮꦏ꧀ꦲꦏꦺꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦥꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦧꦶꦱꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦔꦺ꧈ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦼꦤꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦴꦕꦼꦏꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺ꧉ꦱꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦠꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦔꦁꦒꦺꦴꦧꦏꦭ꧀ꦲꦚꦂ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦿꦤꦏꦧꦶꦔꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦏꦮꦸꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧈ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦒꦶꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦱꦒꦼꦢꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦲꦮꦺꦠ꧀ꦩꦸꦝꦱꦂꦠꦥꦼꦤꦸꦃꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦠꦶꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦺꦴꦪꦠ꧀ꦠꦤ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 1, 15-20
Samubarang kabèh dititahaké lantaran Panjenengané lan karana Panjenengané.
Luk. 5, 33-39
Samangsa pangantèn lanang diboyong, ya ing wektu iku anggoné padha pasa.

Nalika samana para ahli kitab lan para Parisi padha matur marang Gusti Yésus mangkéné: "Murid-muridipun Yoanes sami kerep siyam lan sêmbahyang; samanten ugi Murid-muridipun para Parisi. Nanging kénging punapa murid-murid Panjenengan sami nedha lan ngombé?". Gusti Yésus paring wangsulan: "Apa iya mitra-mitrané pangantèn lanang diekon pasa, sasuwéné pangantèn isih ana kono? Nanging bakal tekan titiwanciné pangantèn lanang diboyong lan ya ing wektu iku anggoné padha pasa". Gusti malah maringi pasemon marang wong-wong mau: "Ora ana wong nyuwèk klambi anyar kanggo nambal klambi lawas; mengko tenèh ora mung sing anyar sing suwèk, lan kejaba iku sing anyar ya ora cocog karo sing lawas. Mengko tenèh anggur anyar mau mbedahkaké impesé, banjur angguré wutah, impesé bedhah ora kanggo gawé. Anggur anyar mono ya kudu diwadhahi impes anyar. Lan wong sing mentas ngombé anggur lawas, ya ora bakal njaluk anggur anyar mengko tenèh muni: "Sing lawas sing énak".

Panglimbang

Paulus ngluhuraké Sang Kristus sing jumeneng sangkanparaning kabèh titah. Mulané Panjenengané ngungkuli sakèhing titah lan dadi dhasaré karahayon. Panjenengané kang nyampurnakaké samubarang lan mawuhaké kabèh iku karo Allah. Panjenengané sing jumeneng lantaran, sing manunggalaké titahing Allah, dikepalani mustaka siji.

Pasamuwan suci kudu tansah nganyaraké dhiri. Padatan sing ora baku lan wis ora njamani kudu ditinggal, aja nganti mitunani wong ing jaman saiki. Tansah kudu ana pitakonan, apa ayahané wis dijarwakaké temenan lan apa wong-wong ing jaman saiki bisa nyandhak piwulangé, nganti kena dianggo cekelan temenan ing uripé. Sandhangan lawas ora bakal ditambal nganggo bakal anyar.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun krana kabingahan ingkang dipun cawisaken kanggé kawula wonten ing Sri Yésus, sadhèrèk kawula. Kawula nyuwun ingarsa Dalem mugi sabdanipun sageda adamêl kawula sami awèt mudha sarta penuh semangat tuwin kagiyatan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.