Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀‌ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ 1, 9-14
ꦏꦶꦠꦥꦝꦏꦉꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦥꦔꦸꦮꦱ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦼꦥꦼꦠꦼꦁ꧈ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦲꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ꧉
ꦭꦸꦏꦴꦱ꧀ 5, 1-11
ꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀‌ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ꧈ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦏꦺꦥꦿꦏꦫꦥꦿꦏꦫꦏꦢꦺꦴꦚꦤ꧀‌ꦤꦔꦶꦁꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦤꦥꦔꦽꦠꦶꦫꦺꦴꦲꦤꦶ꧉ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦩꦔꦽꦠꦶꦩꦫꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦲꦸꦱꦿꦤꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦲꦶꦁꦥꦿꦏꦫꦲꦥꦧꦲꦺ꧉

ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦭꦸꦏꦱ꧀ꦱꦶꦁꦏꦶꦠꦫꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦲꦚꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦝꦮꦸꦃꦩꦫꦁꦱꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪꦥꦿꦲꦸꦤꦺꦫꦢꦢꦶꦠꦼꦔꦃꦲꦏꦺ꧉ꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦝꦮꦸꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦒꦠꦲꦠ꧀ꦩꦸꦭꦩꦸꦏ꧀ꦗꦶꦗꦠ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦶꦮꦏ꧀ꦲꦏꦺꦃꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦢꦶꦪꦗꦏ꧀ꦢꦢꦶꦚ꧀ꦗꦭꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦂꦠꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦧꦒꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦸꦩꦤ꧀ꦠꦂꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦠꦏꦪꦱꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦥꦺꦠꦿꦸꦱ꧀꧈

ꦏꦶꦠꦥꦝꦧꦶꦱꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦭꦸꦩꦤ꧀ꦠꦂꦠꦤ꧀ꦝꦠꦤ꧀ꦝ꧉ꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦠꦤ꧀ꦝꦩꦲꦸꦏꦼꦫꦱꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦥꦫꦫꦱꦸꦭ꧀ꦥꦝꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦔꦼꦠꦺꦴꦒ꧀ꦏꦼꦏꦸꦮꦠ꧀ꦠꦤ꧀‌ꦤꦔꦶꦁꦏꦼꦉꦥ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦤꦏꦱꦶꦭ꧀ꦭꦺ꧉ꦩꦂꦒꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦠꦤ꧀ꦝꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦗꦭꦢꦶꦏꦥꦾꦸꦏ꧀ꦲꦏꦺꦭꦤ꧀ꦏꦱꦶꦭ꧀ꦭꦺꦔꦺꦢꦧ꧀ꦲꦺꦢꦧ꧀ꦧꦶ꧉ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦥꦫꦶꦁꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦩꦫꦁꦱꦥꦧꦲꦺꦱꦶꦁꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦫꦤꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦤꦶꦁꦱ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦮꦸꦭꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦥꦸꦠꦿꦝꦊꦩ꧀꧈ꦩꦸꦒꦶꦲꦱ꧀ꦩꦢꦊꦩ꧀ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦠꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦱꦲꦩꦸꦒꦶꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦸꦮꦱꦤꦤꦒꦼꦱꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀‌ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Kol. 1, 9-14
Kita padha karebut saka panguwasaning pêpêtêng, kapindhah ing kratoning Putra Dalem kinasih.
Luk. 5, 1-11
Kabèh ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti.

Nalika samana Gusti Yésus jumeneng ana ing pinggir tlaga Génésarèt. Déné wong-wong padha ngangseg arep ngrungokaké sabdaning Allah. Gusti priksa ana prau loro mèpèt ing pinggir. Nanging sing duwé, yaiku juru misaya iwak, lagi mentas ngresiki jalané. Gusti nuli nitih prau duwèké Simon lan mundhut supaya rada ditengahaké. Gusti nuli paring piwulang marang wong sapirang-pirang mau karo lenggah ana ing prau. Satelasé pangandika Dalem, Gusti dhawuh marang Simon: "Coba, praumu Parakan manengah lan jalani tibakna kanggo golèk iwak". Simon caos wangsulan: "Gusti, sampun sadalu natas anggèn kula sami rekaos, tanpa angsal punapa-punapa. Nanging sarèhné Gusti ingkang dhawuh, jala badhé kula kapyukaken". Jala nuli dikapyukaké lan olèh iwak akèh banget, nganti jalané mèh bedhah. Kanca-kancané sing ana ing prau sijiné diawé, diekon ngréwangi. Sing diundang padha teka, prauné karo pisan diisèni iwak nganti kebak kaya arep kèrèm-kèrêma. Sumurup kaya mangkono mau, Simon Pétrus terus nyungkemi pada Dalem Gusti Yésus karo matur: "Gusti, kula aturi jengkar, awit kula punika tiyang dosa". Awit Pétrus lan kanca-kancané sumlengeren weruh olèh-olèhané njala. Samono uga Yakobus lan Yohanes, anaké Zebedeus, sing padha ngréwangi Simon. Nanging Gusti Yésus banjur ngandika marang Simon: "Wis aja sumelang, wiwit saiki kowé bakal njala wong". Prau nuli dientasaké lan kabèh banjur ditinggal, padha ndhèrèk Gusti.

Panglimbang

Ana ing sembahyangané kanggo umat ing Kolosé, Paulus ora nyuwunaké prakara-prakara kadonyan, nanging supaya padha diparingana pangerti rohani. Kanthi mangkono nuli padha mangerti marang karsaning Allah lan ngèstokaké karsa Dalem mau srana tumandang ing prakara apa baé.

Injil Lukas sing kita ngrungokaké dina iki nyritakaké kepriyé Yésus dhawuh marang Simon supaya prauné rada ditengahaké. Sarèhné Gusti ingkang dhawuh, lan Simon uga taat mula mukjijat olèh iwak akèh banget. Kita uga diajak dadi njala manungsa sarta jupuk bagéan ing ayahan Gusti Yésus, yaiku martakaké katresnan Dalem lumantar pakaryan lan tumindak kita kaya Simon Pétrus.

Kita padha bisa ketemu karo Gusti lumantar tandha-tandha. Salah sijiné tandha mau kerasulan. Para rasul padha tumandang ngêtog kekuwatan, nanging kerep banget tanpa ana kasilé. Marga diparingi tandha déning Gusti, jala dikapyukaké lan kasilé ngédab-édabi. Mangkono Gusti anggèné paring semangat lan pambombong marang sapa baé sing ndhèrèk Panjenengané.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem karana katresnan Dalem dhateng manungsa, ingkang saged kawula raosaken wonten ing Sri Yésus, Putra Dalem. Mugi Asma Dalem kaserata ing manah kawula, saha mugi karsa Dalem menggah ing kawula tansah nguwasanana gesang kawula. Lantaran Sang Kristus , Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.