ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦂꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦼ꧈ꦏꦸꦛꦱꦶꦁꦠꦠꦁꦒꦤ꧀ꦕꦼꦝꦏ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦸꦛꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦭꦶꦪꦤꦺ꧈ꦲꦤꦧꦧꦪꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦤꦸꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦩꦸꦁꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦱꦶꦁꦲꦗꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈
ꦴꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦧꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦫꦠꦸꦮꦱꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦥꦺꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦭꦫꦭꦶꦪꦤꦺ꧉ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦸꦏ꧀ꦗꦶꦗꦠ꧀ꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦩꦮꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦲꦏꦼꦃꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦧꦺꦧꦱ꧀ꦱꦏꦩꦤꦺꦏꦮꦂꦤꦥꦼꦚꦏꦶꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦢꦶꦥꦝꦥꦿꦕꦪꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦧꦧ꧀ꦠꦶꦱ꧀ꦲꦸꦒꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦱꦲꦺꦁꦒꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦔꦿꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦧꦸꦔꦃꦲꦩꦂꦒꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠꦲꦶꦱꦩꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧉
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦶꦁꦏꦂꦪꦥꦔꦺꦫꦩ꧀ꦲꦺꦫꦩ꧀ꦥꦝꦢꦶꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦭꦶ꧉ꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦩꦂꦒꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩꦫꦱ꧀ꦱꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦫ꧉ꦤꦔꦶꦁꦫꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦱꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦉꦁꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦔꦸꦕꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦔꦪꦃꦲꦶꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Nalika samana Gusti Yésus nilar sinagoga Kafarnaum lan mlebet ing omahé Simon. Rèhné ibuné maratuwa lara panas, mula padha nyuwun pitulungan Dalem. Gusti nuli jumeneng kaprenah ing ulon-ulon lan dhawuh sereng marang panasé. Sanalika panasé sirep lan sing lara terus mênyat, ngladèni. Nanging bareng wayah surup, kabèh sing padha duwé wong lara, embuh apa baé larané, padha nyowanaké sing lara ana ingarsané Gusti. Kabèh baé ditumpangi asta saka siji lan diwarasaké. Akèh sètan sing katundhung lan padha muni-muni: "Panjenengan punika Putraning Allah!" Nanging banjur padha didukani lan ora kepareng padha crita-crita, awit padha mangerti, yèn Panjenengané iku Sang Kristus. Bareng wis ésuk Gusti tindak medal menyang papan sepi. Nanging wong-wong padha nggolèki lan tekan ing panggènané. Wong-wong mau nyoba nyandhet Gusti, aja nganti jengkar saka ing kono. Déné Gusti paring pangandika: "Aku iki ya kudu martakaké kabar kabungahan bab kratoning Allah marat kutha-kutha liya, awit iku sing dadi ayahanKu". Lan Gusti banjur memulang ana ing sinagoga-sinagoga satanah Yahudi.
Panglimbang
Ana ing Kolosé, kutha sing tetanggan cedhak banget karo kutha loro liyané, ana bebaya mungguh ing pangandel. Paulus ngélingaké, yèn tumrap ing panganut Dalem Gusti Yésus mung Injil sing aji temenan.
Sabda Dalem dina iki babagan Yésus paring kasarasan maratuwa Simon Petrus lan akèh wong lara liyané. Kanthi mukjijat, Yésus martakaké kratoning swarga mawa pralambang akèh wong-wong sing bébas saka manéka warna penyakit lan dadi padha pracaya marang Panjenengané. Kita kabèh sing wis nampa baptis uga kautus martakaké kratoning swarga, saéngga akèh wong ngrasakaké kabungahan katresnan Dalem, lan kita uga bungah amarga urip kita isa migunani kanggo wong liya.
Gusti sing karya pangéram-éram arep padha digondhèli. Luwih-luwih marga anggèné marasaké wong-wong lara. Nanging rawuh Dalem iku kanggo saben wong, lan ora mung kanggo wong sagolongan.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun karana sabdaning kasarasan, ingkang kapireng lantaran Sri Yésus, Putra Dalem kinasih. Keparenga kawula ngucapaken sabda Dalem saben-saben kawula ngayahi padamelan kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: