Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦏꦸꦭꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀‌ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀‌

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
1 ꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ 5, 1-6.9-11
ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦱꦺꦢꦔ꧀ꦭꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦏꦶꦠ꧈ꦱꦸꦥꦪꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 4, 31-37
ꦏꦸꦭꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀‌ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀‌ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦁꦱꦸꦕꦶꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦥꦔꦤꦸꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦢꦸꦮꦺꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦢꦢꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦥꦺꦥꦣꦁ꧈ꦗꦒꦗꦒꦭꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦢꦔꦤ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦠꦼꦣꦏ꧀ꦏꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦁꦮꦸꦱ꧀ꦢꦶꦱꦒꦃꦲꦏꦺ꧉ꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦣꦲꦺꦴꦫꦥꦽꦢꦸꦭꦺꦤ꧀‌ꦏꦼꦱꦺꦢ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦮꦱꦤꦏꦼꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀꧈ꦲꦶꦏꦸꦕꦫꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦁꦥꦼꦥꦼꦠꦼꦁ꧉

ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺꦏꦶꦠꦱꦸꦥꦪꦲꦺꦭꦶꦁꦭꦤ꧀ꦱꦶꦪꦒ꧉ꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦏ꧀ꦭꦭꦺꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪꦥꦼꦠꦼꦁꦲꦺꦴꦫꦔꦸꦮꦱꦲꦶꦏꦶꦠ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦭꦶꦁ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦲꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀꧈ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦚꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦺꦠꦤ꧀ꦱꦏꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦏꦼꦥꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦤ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀꧈ꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦱꦶꦁꦥꦼꦤꦸꦃꦏꦸꦮꦱꦭꦤ꧀ꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀꧈ꦲꦪꦺꦴꦏꦶꦠꦠꦤ꧀ꦱꦃꦕꦼꦏꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦃꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀‌ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦢꦭꦤ꧀ꦱꦶꦪꦒꦱꦏꦏꦧꦺꦃꦥꦁꦒꦺꦴꦣ꧉

ꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦒꦮꦺꦕꦶꦔꦏ꧀‌ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦥꦼꦤꦸꦃꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦱꦸꦁꦏꦩꦂꦢꦶꦏꦤ꧀꧈ꦒꦸꦫꦸꦒꦸꦫꦸꦭꦶꦪꦥꦣꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦺꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦛꦫꦶꦏ꧀ꦛꦫꦶꦏ꧀‌ꦱꦶꦁꦔꦼꦧꦺꦴꦠ꧀ꦲꦼꦧꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦱꦼꦱꦁꦒꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦏꦼꦥꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦤ꧀‌ꦧꦶꦱꦢꦶꦲꦸꦮꦭ꧀ꦭꦏꦺꦱꦏꦧ꧀ꦭꦼꦁꦒꦸꦤꦺ꧉ꦏꦶꦪꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦺꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧉ꦲꦶꦁꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦧꦏꦭ꧀ꦥꦫꦶꦁꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀‌ꦩꦤꦮꦫꦩꦢꦊꦩ꧀ꦱꦶꦁꦥꦫꦶꦁꦢꦪꦭꦤ꧀ꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀‌ꦢꦺꦤꦺꦏꦼꦥꦉꦁꦤꦩ꧀ꦥꦶꦫꦺꦴꦃꦢꦊꦩ꧀ꦏꦫꦤꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ꧉ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦣꦺꦫꦺꦏ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
1Tes. 5, 1-6.9-11
Panjenengané séda nglabeti kita, supaya urip nunggal ing Panjenengané.
Luk. 4, 31-37
Kula mangertos, Panjenengané punika sinten, inggih punika Sang Suci tumrap ing Allah.

Panglimbang

Panganut Dalem duwé ayahan urip dadi putraning pepadhang, jaga-jaga lan waspada ngantu-antu tedhaking kraton sing wus disagahaké. Aja nganti padha ora predulèn, kesèd lan wasana keturon. Iku cara ing urip anak-anaking pepeteng.

Sabda Dalem dina iki ngélingaké kita supaya éling lan siyaga. Ora mung klalèn supaya petheng ora nguasai kita, nanging éling yèn kita tansah kaampingan Pangéran. Tetembungan wong-wong sing nyeksèni kepriyé Gusti Yésus nundhung sétan saka wong sing kepanjingan sètan. Pribadi sing penuh kuasa lan kawibawan. Ayo kita tansah cekelan sing kukuh marang Pangéran, tetep waspada lan siyaga saka kabèh panggodha.

Piwulang Dalem Gusti gawé cingak, awit penuh kawibawan lan asung kamardikan. Guru-guru liya padha nyebutaké pranatan-pranatan tharik-tharik, sing ngebot-eboti sesangganing urip. Dalasan wong sing kepanjingan, bisa diuwalaké saka blengguné. Kakiyatan Dalem mujudaké pitakonan. Ing tembé Gusti bakal paring katerangan, manawa Rama Dalem sing paring daya lan kawibawan.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun, déné kepareng nampi Roh Dalem karana sabdaning Putra Dalem kinasih. Keparenga sadaya tiyang ndhèrèk ngraosaken kaleksanan ing kasagahan Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.