Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦤꦧꦶꦱꦶꦁꦏꦗꦺꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦤꦺꦝꦺꦮꦺ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
1 ꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ 4, 12-17
ꦱꦶꦁꦱꦸꦩꦫꦺꦲꦶꦁꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦠꦶꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦉꦁꦏꦫꦺꦴꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦭꦸꦏꦱ꧀ 4, 16-30
ꦄꦏꦸꦢꦶꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦂꦧꦸꦔꦃꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀꧈ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦤꦧꦶꦱꦶꦁꦏꦗꦺꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦤꦺꦝꦺꦮꦺ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦲꦏꦺꦧꦧ꧀ꦠꦔꦶꦤꦶꦁꦧꦢꦤ꧀ꦱꦩꦁꦱꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦮꦸꦃꦩꦤꦺꦃ꧉ꦤꦭꦶꦏꦱꦩꦤꦥꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦸꦩꦸꦩ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦤꦺꦮꦸꦱ꧀ꦕꦼꦥꦏ꧀꧈ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦶꦠꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦺꦲꦤꦲꦗꦶꦤꦺ꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦔꦗꦏ꧀ꦏꦶꦠꦔꦤ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦧꦂꦭꦤ꧀ꦱꦼꦠꦾꦫꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦶꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦩꦲꦸ꧉

ꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦶꦤꦒꦺꦴꦒꦲꦶꦁꦤꦱꦫꦺꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦺꦩꦤꦮꦮꦺꦮꦺꦕꦤꦺꦤꦧꦶꦆꦱꦲꦶꦪꦱ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦢꦺꦫꦢꦴꦶꦃꦲꦶ꧇ꦫꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦔꦪꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦁꦗꦶꦤꦼꦧꦢꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦱꦶꦁꦢꦶꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦂꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀꧈ꦲꦤꦲꦶꦁꦤꦱꦫꦺꦠ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦫꦸꦔꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦭꦔꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦢꦸꦪꦲꦸꦢꦶꦩꦭꦃꦢꦶꦠꦩ꧀ꦥ꧉ꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁ꧉

ꦲꦥꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦂꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀‌ꦏꦫꦺꦴꦠꦤ꧀ꦥꦔꦭꦃꦲꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ?ꦢꦢꦶꦪꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦲꦶꦱꦒꦮꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦒꦮꦩꦱꦭꦃ꧉ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏ꧀ꦩꦫꦁꦏꦧꦺꦃꦮꦺꦴꦁ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦢꦸꦠꦤꦶꦁꦱꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‌ꦱꦁꦩꦺꦱꦶꦪꦱ꧀꧈ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦶꦤꦂꦧꦸꦏꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦫꦥꦥꦕꦶꦤ꧀ꦠꦿꦏꦱꦂꦠꦥꦫꦠꦶꦤꦶꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀‌ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦱꦢꦪꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦤ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤ꧀꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
1Tes. 4, 12-17
Sing sumaré ing Sri Yésus bakal tinuntun ing Allah bareng karo Panjenengané.
Luk. 4, 16-30
Aku diutus martakaké kabar bungah marang wong miskin. Ora ana nabi sing kajèn ana ing nagarané dhéwé.

Panglimbang

Ana ing waosan sepisan Paulus ngandikakaké bab tangining badan samangsa Gusti rawuh manèh. Nalika samana panganggeping umum wektuné wus cepak. Éwadéné tumrap kita pangandikané ana ajiné, awit ngajak kita ngantu-antu kanthi sabar lan setya rawuh Dalem sing kapindho mau.

Ana ing sinagoga ing Nasarèt Gusti nerangaké manawa wewecané nabi Isaias saiki wis ndaradasihi: Rohing Allah ngayomi Panjenengané. Panjenengané iku Sang Jinebadan, Sang Kristus, sing diutus martakaké kabar kabungahan. Ana ing Nasarèt ora dirungokaké, nanging ana ing kalangané wong dudu Yahudi malah ditampa. Ayahan Dalem iku kanggo saben wong.

Apa kita uga bisa dadi wong sing martakaké kabar kabungahan, karo tanpa ngalahaké wong liya? Dadia wong sing isa gawa katentreman lan ora gawa masalah. Tumindak sing apik marang kabèh wong.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun, karana dutaning sih Dalem, inggih punika Sri Yésus, Sang Mésias. Keparenga manah kawula tansah tinarbuka tumrap para papa-cintraka sarta para tinindhes, punapa malih sadaya kémawon ingkang ngantu-antu kabegjan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.