Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ

 

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀

ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦂ 6, 4-1
ꦪꦏꦺꦴꦧꦸꦱ꧀ 1, 17-18.21b-22.27
ꦩꦂꦏꦸꦱ꧀ 7, 1-8.14-15.21-23

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

꧋ꦒꦼꦝꦺꦤꦺꦧꦁꦱꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦢꦶꦪꦸꦏꦸꦂꦱꦕꦫꦗꦸꦩ꧀ꦭꦃꦤꦔꦶꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦱꦕꦫꦏ꧀ꦮꦭꦶꦠꦱ꧀꧈ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀ꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦺꦪꦺꦤ꧀ꦧꦁꦱꦢꦢꦶꦒꦼꦝꦺꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦭꦤ꧀ꦔꦼꦠꦿꦥ꧀ꦥꦏꦺꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦱꦶꦁꦲꦢꦶꦭ꧀꧈ꦲꦁꦒꦼꦂꦱꦶꦁꦲꦢꦶꦭ꧀ꦩꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦺꦮꦺꦴꦃꦱꦏꦲꦏꦭ꧀ꦧꦸꦢꦶꦭꦤ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦥꦝꦁꦔꦤ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦩꦸꦭꦩꦸꦱꦔꦗꦏ꧀ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦼꦠꦾꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦭꦤ꧀ꦔ꧀ꦭꦱꦤꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ ꦱꦂꦠꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦩꦼꦤꦺꦃ꧈꧇ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦢꦏ꧀ꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦶꦲꦗꦥꦝꦏꦺꦴꦠꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦭꦤ꧀ꦲꦗꦏꦺꦴꦏꦸꦫꦁꦔꦶ꧈ꦱꦸꦥꦪꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦒꦠꦺꦏ꧀ꦤꦥꦼꦥꦏ꧀ꦲꦤꦺꦱꦁꦪꦺꦲꦸꦮꦃ꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦏꦁꦢꦏ꧀ꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧌ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦂ 4,2꧍꧉

ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦫꦶꦱꦶꦫꦸꦩꦁꦱꦱꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦝꦺꦮꦺꦤꦔꦶꦁꦏꦽꦝꦶꦭ꧀꧉ꦲꦗꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦥꦫꦶꦱꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦲꦗꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦥꦿꦶꦤ꧀ꦠꦃꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦥꦝꦔ꧀ꦭꦭꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦿꦶꦤ꧀ꦠꦃꦲꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧈ꦭꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦩꦶꦭꦶꦃꦲꦢꦠ꧀ꦲꦶꦱ꧀ꦠꦶꦪꦢꦠ꧀ꦠꦺꦩꦤꦸꦁꦱ꧉ꦊꦭꦩꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦶꦁꦢꦢꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦽꦝꦶꦭ꧀꧈ꦩꦸꦭꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦏꦺꦴꦧꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦩꦫꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦶꦪꦤꦶ꧇ꦤꦔꦶꦁꦥꦝꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤꦲꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦗꦩꦸꦁꦔꦿꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦧꦲꦺ꧈ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦩꦤꦮꦲꦺꦴꦫꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦥꦸꦱ꧀ꦱꦶꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧌ꦪꦏꦺꦴꦧꦸꦱ꧀ 1:22꧍꧉

ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶꦏꦸꦢꦸꦮꦱ꧀ꦥꦢ꧈ꦲꦶꦱꦶꦃꦥꦝꦩꦔꦸꦩꦔꦸꦭꦤ꧀ꦮꦼꦢꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦔꦿꦺꦴꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦠꦿꦢꦶꦱꦶꦲꦸꦒꦲꦁꦒꦼꦂꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦤ꧀꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦂꦫꦤ꧀ꦏꦱꦸꦕꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦱꦼꦠꦾꦲꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦭꦲꦶꦫꦶꦪꦃ꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦏꦱꦸꦕꦶꦪꦤ꧀ꦲꦠꦶ꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦮꦸꦕꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦫꦶꦁꦤꦗꦶꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦱꦏꦲꦥꦱꦶꦁꦩ꧀ꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦠꦶꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦤ꧀ꦲꦭ꧇ꦏꦢꦸꦂꦗꦤ꧀ ꦒꦮꦺꦥꦠꦶ꧈ꦱꦿꦏꦃ꧈ꦩꦺꦫꦆ꧈ꦲꦮꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧉

ꦩꦤꦁꦏꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦆꦤꦺꦔꦸꦠꦩꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦱꦸꦕꦶꦪꦤ꧀ꦲꦠꦶꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦭꦲꦶꦂꦫꦆꦪꦃꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦁꦩꦠꦸꦃꦲꦶꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦒꦩ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦏꦸꦮꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧈ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦉꦗꦼꦏꦶꦲꦶꦁꦩꦺꦗꦝꦲꦂꦏꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤ꧀ ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ ꦏꦠꦼꦒꦸꦃꦲꦤ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦲꦩꦿꦶꦃꦱꦒꦼꦢꦔ꧀ꦒꦶꦒꦃꦱꦤꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦔꦧ꧀ꦢꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Pangandharing Angger 6, 4-1
Yak. 1, 17-18.21b-22.27
Mrk. 7, 1-8.14-15.21-23

Panglimbang

Gedhéné bangsa ora isa diukur sacara jumlah, nanging luwih-luwih sacara kwalitas. Waosan sepisan nerangaké yèn bangsa dadi gedhé yèn dhuwèni lan ngetrapaké angger-angger sing adil. Angger sing adil mujudaké woh saka akal budi lan kawicaksanan sing kapadhangan sabda Dalem Gusti. Mula, Musa ngajak umat Israèl tetep setya ngrungokaké lan nglaksanakaké sabda Dalem, sarta luwih-luwih menéh, "Pitutur kang dakprentahaké marang kowé iki aja padha kotambahi lan aja kokurangi, supaya kowé padha nggatèkna pepakane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahaké marang kowé" (Pangand. Angger 4,2).

Wong-wong Parisi rumangsa sing gedhé dhéwé, nanging kerdil. Ajarané wong Parisi yaiku ajarané printah manungsa, padha nglalèkaké printahe Gusti piyambak, lan luwih milih adat-istiadaté manungsa. Lelamisan sing dadèkaké kerdil. Mula, Santo Yakobus paring pitutur marang umat kristiani: "Nanging padha nglakonana ing pangandika, aja mung ngrungokaké baé, jalaran manawa ora mangkono kowé ngapusi awakmu dhéwé" (Yak. 1:22).

Wong-wong Kristen mesti kudu waspada, isih padha mangu-mangu lan wedi kanggo ngrombak tradisi uga angger sing ora kamanungsan. Gusti Yésus paring piwulang yèn ukuran kasucian iku ora mung setya ing angger-angger lahiriah, ananging uga kasucian ati. Gusti Yésus paring piwucal yen sumbering najis iku ora saka apa sing mlebu ing manungsa, nanging saka sajroning ati manungsa, thukul pikiran ala: kadurjanan, gawé pati, srakah, mèri, hawa nepsu.

Minangka pandhèrèk Gusti Yésus ing jaman iki, mesthiné ngutamakaké kasucian ati tinimbang lahiriah yèn mung matuhi angger agama.

Sêmbahyang

Allah ingkang Mahakuwasa tuwin langgeng, sasampunipun nampi rejeki ing méja dhahar kaswargan, kawula nyuwun ingarsa Dalem, kateguhan katrêsnaning manah kawula, amrih sageda nggigah sanak- kawula supados sami ngabdi Gusti. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.