ꦱꦼꦠꦾꦲꦶꦁꦥꦿꦏꦫꦕꦶꦭꦶꦏ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦏꦶꦠꦩꦔꦽꦠꦶ꧈ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦲꦶꦏꦸꦏ꧀ꦭꦼꦧꦸꦱꦶꦁꦮꦶꦒꦠꦶꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠ꧉ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒ꧈ꦤꦔꦶꦁꦚꦮꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦤꦺꦩꦮꦏꦕꦩꦿꦶꦥꦠ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦢ꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦔꦗꦏ꧀ꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦏꦺꦥꦿꦏꦫꦲꦶꦏꦶ꧉
ꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦠꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦿꦕꦪꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦠꦼꦭꦸꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶ꧉ꦫꦺꦴꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦧꦶꦱꦢꦶꦥꦿꦕꦪꦭꦤ꧀ꦢꦶꦪꦤ꧀ꦝꦭ꧀ꦭꦏꦺ꧈ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦏꦼꦠꦼꦭꦸꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦥꦔꦶꦫꦱꦶꦁꦲꦺꦭꦺꦏ꧀ꦏꦫꦺꦴꦧꦤ꧀ꦢꦫꦤꦺꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦶꦱꦢꦶꦪꦤ꧀ꦝꦭ꧀ꦭꦏꦺ꧉
ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦠꦲꦶꦁꦥꦱꦺꦩꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦭꦸꦮꦶꦃꦱꦏꦱꦼꦏꦝꦂꦧꦏꦠ꧀꧉ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦱ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦠꦭꦺꦤ꧀ꦠꦪꦲꦶꦏꦸꦲꦤꦸꦒꦿꦃꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧉ꦥꦶꦮꦼꦭꦶꦁꦱꦧ꧀ꦢꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦔꦗꦏ꧀ꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦱꦏꦲꦥꦧꦲꦺꦱꦶꦁꦢꦶꦢꦸꦮꦼꦏ꧀ꦏꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉
ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦼꦥꦫꦶꦁ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦥꦝꦢꦏ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦧꦏꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦭꦺꦴꦁꦒꦂꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦤ꧉ꦏꦶꦠꦢꦶꦪꦗꦏ꧀ꦩꦼꦏꦂꦫꦏꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦩꦲꦸꦱꦸꦥꦪꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦧꦶꦱꦲꦩꦺꦭꦸꦔꦿꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦺ꧈ꦢꦸꦢꦸꦏꦥꦶꦠꦸꦤꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦏꦸꦮꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧈ꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦏꦮꦸꦭꦩꦼꦏꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦧꦏꦠ꧀ꦥꦼꦥꦫꦶꦁ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦂꦒꦶꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦢꦪꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦠꦩ꧀ꦥꦶꦱꦏꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Kita mangerti, tresna marang pepadha iku klebu sing wigati banget ana ing urip kita. Umat ing Tesalonika mangkono uga. Nanging nyawang uripè lan luwih-luwih pagawéané mawa kaca-mripat iki, iku béda. Mulané Paulus ngajak nengenaké prakara iki.
Ana ing waosan Injil dina iki Gusti Yésus paring pasemon talènta sing dipracayakaké marang telung abdi. Rong abdi bisa dipracaya lan diandalaké, abdi sing ketelu dhuwèni pangira sing elek karo bandarané lan ora isa diandalaké.
Talènta ing pasemon iki luwih saka sekadar bakat. Miturut konteks Injil, talènta yaiku anugrah sing diparingaké Gusti kanggo jembaraké kratoning swarga. Piweling sabda Gusti Yésus dina iki ngajak kita kabèh dadi wong sing ngedum saka apa baé sing didhuwèki kanggo kamulyan Dalem.
Urip iku peparing, nanging uga ayahan sing kudu padha dakbangun miturut bakat lan kalonggaran sing ana. Kita diajak mekaraké urip mau, supaya wong liya bisaa mèlu ngrasakaké pigunané, dudu kapitunané.
Sêmbahyang
Allah ingkang Mahakuwasa tuwin langgeng, kautusa kawula mekaraken bakat peparing Dalem. Mugi kawula sageda dados tiyang ingkang wani tresna, margi mangertos, bilih sadaya punika kawula tampi saking Gusti. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: