Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦠꦶ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦔꦟ꧀ꦝꦂꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦂ 10, 12-22
"ꦱꦸꦥꦶꦠ꧀ꦠꦤꦲꦠꦶꦩꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦚ꧀ꦕꦏꦺꦴꦮꦺꦝꦺꦮꦺꦪꦠꦲꦸꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦩꦚ꧀ꦕ꧉"
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 17, 21-26
"ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦱꦺꦢꦤꦶꦭꦤ꧀ꦮꦸꦔꦸꦩꦤꦺꦃ꧉ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦧꦺꦧꦱ꧀ꦥꦗꦼꦒ꧀꧉"

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦸꦥꦕꦫꦱꦶꦁꦲꦚ꧀ꦗꦭꦂꦫꦶꦮꦺꦴꦁꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦢꦢꦶꦲꦸꦩꦠ꧀ꦠꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦏꦸꦱꦸꦥꦶꦠ꧀꧉ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦏꦥ꧀ꦧꦠꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦃꦲꦺꦱꦶꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦮꦶꦒꦠꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦠꦶ꧉ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦩꦲꦸꦏꦸꦢꦸꦔꦟ꧀ꦛꦶꦔꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦺꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦚ꧀ꦕ꧉ꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦏꦺꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦫꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦱꦿꦤꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧉

ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦩꦱꦾꦫꦏꦠ꧀ꦪꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦒꦮꦺꦱꦼꦱꦟ꧀ꦝꦸꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦝꦺꦮꦺꦏꦶꦗꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦩꦭꦃꦤꦸꦭꦏ꧀ꦏꦧꦂꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀꧉ꦏꦧꦺꦧꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦲꦸꦠꦿꦲꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦶꦁꦱꦼꦗꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦒꦮꦺꦱꦼꦱꦟ꧀ꦝꦸꦁꦔꦤ꧀

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧉ꦢꦺꦤꦺꦏꦼꦥꦉꦁꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀꧉ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦩꦼꦩꦸꦗꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦢꦺꦤꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦽꦩ꧀ꦧꦏꦱꦂꦠꦏꦮꦸꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦼꦥꦉꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦥꦸꦠꦿꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧈ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦽꦱꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦩꦏꦮꦸꦭ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦂꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦿꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Pangandharing Angger 10, 12-22
"Supitana atimu. Tresna marang wong manca, kowé dhéwé ya tau dadi wong manca"
Matéus 17, 21-26
"Panjenengané bakal disédani lan wungu manèh. Para putra bébas pajeg"

Panglimbang

Upacara sing njalari wong Israèl dadi umating Allah iku supit. Nanging sikep batin, sing pancèn kudu dadi wohé sing luwih wigati yaiku martobating ati. Lan iku mau kudu nganthi ngatonaké katresnan marang wong manca. Kaya déné Pangéran anggèné tansah ngatingalaké katresnan marang umat Dalem, mangkono uga anggoné kudu tresna marang Panjenengané srana tresna marang wong liya.

Murid Dalem Gusti ana ing masarakat ya ora kena gawé sesandhungan, mundak banjur dhéwé, kijènan utawa malah nulak kabar kabungahan. Kabébasané putra-putraning Allah sing sejati ora gawé sesandhungan.

Sêmbahyang

Gusti, Rama ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem, déné kepareng pitados dhateng sabda Dalem. Kawula sami memuji Gusti, déné kraton Dalem tansah ngrembaka sarta kawula wonten ingriki kepareng dipun sebut putra-putra Dalem, punapa malih Gusti karsa jumeneng Rama kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.