Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦥꦿꦱꦗꦭꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦔꦟ꧀ꦝꦂꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦂ 31, 1-8
"ꦢꦶꦠꦼꦒꦸꦃꦭꦤ꧀ꦢꦶꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀︀ꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺ꧀꧉ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦏꦶꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀꧉"
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 18, 1-5.10.12-14
"ꦱꦶꦁꦲꦠꦶꦲꦠꦶ꧈ꦲꦗꦢꦸꦩꦺꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦫꦺꦩꦺꦃꦲꦏꦺ꧉"

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦪꦃꦲꦤꦺꦩꦸꦱꦮꦶꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧉ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦽꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀꧉ꦱꦲꦶꦏꦶꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦱꦿꦃꦲꦶ꧉ꦩꦸꦱꦤꦁꦒꦸꦁꦩꦤꦮꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺꦲꦺꦴꦫꦥꦽꦭꦸꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦧꦁꦱꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦽꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀꧉ꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦥꦫꦶꦁꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠ꧉ꦤꦔꦶꦁꦏꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦱꦼꦠꦾꦱꦲꦸꦠꦸꦃꦲꦺꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉

ꦥꦿꦱꦗꦭꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦲꦶꦏꦸꦕꦶꦫꦶꦤꦺꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦏꦪꦧꦺꦴꦕꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀︀ꦪꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦚꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦼꦏꦼꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦲꦠꦶꦱꦶꦁꦥꦿꦱꦗꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦸꦩꦢꦶꦪꦤꦩ꧀ꦥꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦱꦥꦶꦫꦧꦲꦺꦏꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦫꦺꦴꦃꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦥꦸꦠꦿꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦱꦂꦠꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶꦲꦶꦁꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Pangandharing Angger 31, 1-8
"Diteguh lan dikendel, Yosué! Kowé sing bakal nuntun umat iki mlebu tansah kasagahan"
Matéus 18, 1-5.10.12-14
"Sing ati-ati, aja dumèh cilik banjur dirèmèhaké"

Panglimbang

Ayahané Musa wis rampung. Umat wis dituntun tekan kikising tanah prajanjian. Saiki genti Yosué sing dipasrahi. Musa nanggung, manawa Pangéran bakal tetep nuntun. Mulané Yosué ora perlu sumelang mimpin bangsa Israèl mlebu ing tanah prajanjian. Kasagahan Gusti ora mung paring panguripan ananging uga nuntun lan ngreksa urip kita. Nanging katuntut setya sautuhé marang Gusti.

Prasaja lan welas asih iku ciriné kraton Dalem. Yèn ora bisa dadi kaya bocah cilik, ya ora bisa nyandhak kekeraning kraton Dalem. Ati sing prasaja tansah sumadhiya nampa wong liya, sapira baé kaluputané.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun déné sampun pinaringan Roh Dalem Sri Yésus. Kawula sami nyuwun mugi kawula kadadosna putra-putra Dalem sarta seksi ing katentreman Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.