Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦔ꧀ꦒꦸꦒꦸꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦛꦶꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦔꦟ꧀ꦝꦂꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦂ 34, 1-12
ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦸꦱꦱꦺꦢꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦝꦮꦸꦴꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦤꦧꦶꦱꦶꦁꦩꦸꦚ꧀ꦕꦸꦭ꧀ꦩꦤꦺꦃꦱꦶꦁꦏꦪꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 18, 15-20
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦔ꧀ꦒꦸꦒꦸꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦛꦶꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥꦔꦟ꧀ꦝꦂꦫꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦂꦢꦶꦠꦸꦠꦸꦥ꧀ꦩꦮꦕꦿꦶꦠꦧꦧ꧀ꦱꦺꦢꦤꦺꦤꦧꦶꦩꦸꦱꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦲꦸꦩꦠ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀꧉ꦗꦱꦊꦭꦧꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦒꦼꦝꦺꦧꦔꦼꦠ꧀꧉ꦩꦸꦭꦢꦶꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦱꦶꦁꦲꦒꦸꦁꦝꦺꦮꦺ꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦼꦠꦾꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤꦄꦤ꧀ꦲꦥꦧꦲꦺ꧉

ꦲꦤꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦱꦮꦠꦫꦱꦶꦁꦏꦕꦛꦼꦠ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦥꦧꦲꦺꦱꦶꦁꦔꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦁꦒꦸꦁꦗꦮꦧ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦱꦒꦸꦮꦤ꧀꧉ꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦠꦁꦒꦸꦁꦗꦮꦧ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦢꦺꦴꦱ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦫꦤꦱꦶꦃꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦔꦗꦼꦁꦲꦗꦼꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧉ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦫꦺꦴꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦕꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦺꦒꦼꦒꦼꦱꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Pangandharing Angger 34, 1-12
Ana ing kono Musa séda awit saka dhawuhing Pangéran lan ora ana nabi sing muncul manèh sing kaya panjenengané.
Matéus 18, 15-20
Yèn kowé nggugu, kowé bathi sedulur.

Panglimbang

Kitab Pangandharing Angger ditutup mawa crita bab sédané Nabi Musa sadurungé umat mlebu ing tanah kasagahan. Jasa lelabuhané tumrap Israèl gedhé bangêt. Mula dianggep sing agung dhéwé, awit tansah setya ing Pangéran ing kaanan apa baé.

Ana pituduh-pituduh sawatara sing kacathêt ana ing kéné tumrap sapa baé sing ngemban tanggungjawab ana ing Pasamuwan. Luwih-luwih tanggungjawab tumrap wong sing dosa.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun, déné karana sih kawelasan Dalem kawula tansah pinaringan pangajeng-ajeng énggal. Kawula munjuk sembah nuwun karana Roh Dalem ingkang suci, ingkang tansah nggegesang kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.