ꦏꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦁꦥꦸꦭꦸꦃꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦏꦟ꧀ꦛꦶꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺꦲꦸꦩꦠ꧀ꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦚꦧꦿꦁꦏꦭꦶꦪꦺꦴꦂꦝꦤ꧀꧈ꦏꦪꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦥꦝꦚꦧꦿꦁꦱꦒꦫꦲꦧꦁꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦤꦺꦤꦧꦶꦩꦸꦱ꧉ꦧꦚꦸꦢꦶꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸꦁꦩꦮꦥꦼꦛꦶꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦭꦺꦮꦠ꧀ꦝꦱꦂꦫꦶꦁꦏꦭꦶꦱꦶꦁꦒꦫꦶꦁꦥꦝꦲꦫꦏ꧀ꦲꦫꦏꦤ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸꦠꦤꦃꦏꦤꦄꦤ꧀꧉
ꦔꦥꦫꦲꦶꦏꦸꦏꦭꦏꦭꦒꦩ꧀ꦥꦁꦤꦺꦁꦠꦸꦠꦸꦏ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦔꦺꦭ꧀ꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧉ꦲꦏꦺꦃꦱꦏꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦒꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦔꦥꦸꦫꦏꦟ꧀ꦛꦶꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦪꦱꦶꦁꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧀꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦏꦟ꧀ꦛꦶꦕꦼꦛꦧꦔꦼꦠ꧀ꦩꦤꦮꦥꦔꦥꦸꦫꦲꦶꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦥꦿꦏꦫꦥꦶꦁꦥꦫ꧈ꦤꦔꦶꦁꦥꦿꦏꦫꦔꦥꦸꦫꦏꦧꦺꦃꦠꦼꦏꦤ꧀ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧉ꦏꦶꦠꦔꦥꦸꦫꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦠꦤ꧀ꦥꦮꦠꦼꦱ꧀꧉ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦏꦽꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉
ꦲꦤꦲꦶꦁꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶ꧈ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦠꦿꦸꦱ꧀ꦔꦥꦸꦫꦲꦶꦏꦸꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦏꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ꧉ꦤꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦔꦽꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦔꦥꦸꦫꦠꦤ꧀ꦥꦲꦤꦲꦼꦤ꧀ꦏꦺꦏ꧀ꦏꦺ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦪꦧꦏꦭ꧀ꦔꦭꦩ꧀ꦩꦶꦏꦪꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦱꦶꦠꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉ꦫꦩꦩꦸꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦧꦏꦭ꧀ꦩꦱꦿꦃꦲꦏꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦫꦁꦱꦶꦔꦤꦒꦫꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦸꦟ꧀ꦝꦠ꧀ꦲꦸꦠꦁꦩꦸ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦧꦂꦝꦠꦼꦁꦠꦮꦸꦭ꧈ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦶꦱꦲꦺꦤꦶꦏꦮꦸꦭꦭꦸꦩꦤ꧀ꦠꦂꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦥꦁꦔꦏ꧀ꦱꦩꦢꦊꦩ꧀꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦱꦁꦩꦼꦁꦏꦸꦏꦼꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Kanthi tuntunaning Yosué umat Israèl nyabrang kali Yordhan, kaya anggoné biyèn padha nyabrang sagara Abang ing jamané Nabi Musa. Banyu dibendung mawa pethi prajanjian, lan liwat dhasaring kali sing garing padha arak-arakan mlebu ing tanah prajanjian, yaiku tanah Kanaan.
Ngapura iku kala-kala gampang neng tutug, nanging angèl dilakoni. Akèh saka wong sing gagal lan durung angapura kanti manteping ati kaya sing ditindakaké Gusti Yésus ana ing waosan iki. Gusti Yésus kanthi cetha banget manawa pangapura iku dudu prakara ping pira, nanging prakara ngapura kabèh tekan sajroné ati. Kita ngapura marang pepadha tanpa watês. Iki sing dikersakaké Gusti Yésus.
Ana ing Injil dina iki, tumrap Pétrus ngapura iku cukup kaping pitu. Nanging Gusti ngarsakaké ngapura tanpa ana entèké. Yèn ora, ya bakal ngalami kaya abdi sing ambek sita karo kancané. Ramamu ing swarga bakal masrahaké kowé marang singanagara nganti pundhat utangmu.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula sami munjuk sembah nuwun, déné Gusti tansah sabar dhateng kawula, déné Gusti tansah misaèni kawula lumantar Sri Yésus Kristus, sabda pangaksama Dalem. Keparenga kawula tansah ngèstokakên Panjenenganipun, ingkang gesang mengku keprabon ing salami-laminipun.
Amin.

Tidak ada komentar: