Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦢꦢꦶꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦩꦤꦺꦃ​ꦤꦔꦶꦁ​​ꦩꦸꦁ​ꦱꦫꦒ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺ 24, 1-13
ꦲꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦒꦮꦧꦥꦧꦧꦸꦩꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦩꦺꦱꦺꦴꦥꦺꦴꦠꦩꦶꦪ꧈ꦲꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦏꦩꦼꦱꦶꦂ꧈ꦲꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀꧉
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 19, 3-12
ꦩꦂꦒꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦲꦠꦶꦩꦸꦩꦸꦱꦩꦉꦁꦔꦏꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦩꦼꦒꦠ꧀ꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦩꦸ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦩꦸꦭꦧꦸꦏꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦤꦸꦠꦸꦥ꧀ꦥꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦪꦺꦴꦱꦸꦮꦺꦢꦶꦕꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦼꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦏꦺꦩ꧀꧉ꦏꦧꦺꦃꦠꦭꦼꦂꦢꦶꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦲꦏꦺꦭꦤ꧀ꦥꦝꦧꦼꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦔꦺꦭꦶꦁꦲꦺꦭꦶꦁꦲꦥꦧꦲꦺꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦩ꧀ꦥꦲꦸꦩꦠ꧀ꦥꦶꦤꦶꦭꦶꦃ꧈ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦩꦼꦱꦶꦂꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦝꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦿꦗꦚ꧀ꦒꦶꦪꦤ꧀꧉ꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦚꦂꦏꦱꦒꦸꦃꦲꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦚꦂꦲꦉꦥ꧀ꦱꦼꦠꦾ꧉

ꦲꦶꦗꦧ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦼꦠꦭꦶꦤꦶꦁꦥꦿꦶꦪꦮꦤꦶꦠꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦲꦸꦝꦂꦫꦶ꧉ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦶꦁꦔꦂꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦢꦢꦶꦢꦸꦢꦸꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦱꦶꦁꦭꦸꦩꦿꦃ꧉ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦼꦠꦾꦩꦫꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦪꦏꦱꦼꦠꦾꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦪꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦱꦏꦥꦿꦶꦪꦭꦤ꧀ꦮꦤꦶꦠ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦔꦸꦮꦱꦤꦤꦏꦮꦸꦭ꧈ꦱꦂꦠꦩꦸꦒꦶꦒꦼꦱꦁꦏꦮꦸꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦶꦮꦤꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦺꦴꦃꦢꦊꦩ꧀꧈ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦧꦺꦧꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦱꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦢꦺꦴꦚꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦲꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Yosué 24, 1-13
Aku wus nggawa bapa-babumu saka ing Mésopotamia; Aku wus nuntun kowé mentas saka Mesir; Aku wis ngirid kowé mlebu ing tanah prajanjian.
Matéus 19, 3-12
Marga atosing atimu Musa marengaké kowé megat sisihanmu; nanging ing mulabukané ora mangkono.

Panglimbang

Minangka panutuping Kitab Yosué dicritakaké kelakoné prajanjian ing Sikèm. Kabèh taler diklumpukaké lan padha bebarengan ngéling-éling apa baé kasaénan Dalem Pangéran sing wis ditampa umat pinilih, wiwit saka ing Mesir nganti padha bisa mlebu ing tanah prajanjian. Iki wiwitan sing anyar kasaguhan sing anyar arep setya.

Ijab iku tetalining priya-wanita sing wis ora diudhari. Pangéran piyambak sing ngarsakaké. Dadi dudu prajanjian sing lumrah. Pangéran tansah setya marang umat Dalem. Ya kasetyan sing kaya mangkono iku sing dipundhut saka priya lan wanita.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, mugi sabda Dalem punika nguwasanana kawula, sarta mugi gesang kawula dipun jiwana déning Roh Dalem, supados wontena kabébasan tumrap sadaya tiyang ingkang gesang wonten ing alam donya samangké saha ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.