ꦧꦺꦴꦕꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦉꦧ꧀ꦧꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦏꦸ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦤꦻꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦶꦏꦺꦩ꧀ꦢꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦺꦏꦧꦺꦃꦱꦸꦏꦸꦲꦶꦁꦆꦱꦿꦌꦭ꧀꧉ꦱꦲꦶꦏꦶꦏꦧꦺꦃꦪꦏꦶꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦢꦶꦧꦁꦱꦱꦶꦁꦥꦶꦤꦶꦭꦶꦃ꧉ꦱꦲꦶꦏꦶꦥꦝꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦲꦉꦥ꧀ꦔꦧ꧀ꦢꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦮꦥꦔꦶꦧꦢꦃꦲꦺꦲꦉꦥ꧀ꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦁꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧉
ꦩꦂꦒꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦔꦺꦩꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦥꦝꦢꦶꦒꦸꦱꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦫꦱꦸꦭ꧀꧉ꦤꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦫꦺꦤꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦭꦃꦔꦿꦶꦧꦼꦢ꧀ꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦉꦥ꧀ꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦺꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦲꦶꦏꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦶꦁꦥꦥꦭꦤ꧀ꦥꦿꦱꦗꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦔꦺ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ꧉ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦔꦏꦼꦤ꧀ꦤꦶꦧꦶꦭꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦁꦒꦼꦱꦁꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦱꦸꦚꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Pangéran ing Sinai ana ing Sikèm dijumenengaké Allahé kabèh suku ing Israèl. Saiki kabèh yakin yèn dadi bangsa sing pinilih. Saiki padha prajanji arep ngabdi Gusti mawa pangibadahé, arep netepi angger-angger lan mbudidaya ngèstokaké karsa Dalem.
Marga kepéngin ngéman Gusti, bocah-bocah padha digusah déning para Rasul. Nanging Gusti ora Rena, awit malah ngribêdi anggèné Gusti arep nedahaké ayahan Dalem. Kratoning swarga iku kanggo sing papa lan prasaja. Lan bocah-bocah iku sing dadi pralambangé.
Sêmbahyang
Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun, déné Gusti sampun mbikakaken kawula korining kraton Dalem lantaran Sri Yésus, Putra Dalem kinasih. Keparenga kawula sami ngakeni bilih namung Penjenenganipun punika Pangéran kawula, inggih margining gesang tuwin kasunyatan wonten ing sakathahing tindak-tanduk kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: