ꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦧꦫꦁꦢꦂꦧꦺꦏ꧀ꦩꦸ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦔꦭꦩ꧀ꦩꦶꦱꦼꦠꦾꦭꦤ꧀ꦕꦶꦢꦿ꧉ꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦧꦶꦱꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦏꦭꦏꦭꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦗꦏ꧀ꦱ꧉ꦤꦔꦶꦁꦗꦏ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦏꦼꦉꦥ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦝꦢꦶꦫꦸꦔꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦗꦏ꧀ꦱꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦔ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦂꦫꦏꦺꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀꧉
ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦏꦼꦥꦿꦸꦔꦸꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦏꦸꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦶꦁꦱꦸꦗꦤꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦱꦶꦃꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦶ꧉ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦿꦶꦩꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦸꦁꦥꦫꦺꦴꦥꦫꦺꦴ꧈ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦮꦸꦠꦸꦃ꧉ꦒꦼꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦕꦼꦛꦲꦤꦲꦶꦁꦕꦿꦶꦠꦤꦺꦥꦼꦩꦸꦝꦱꦸꦒꦶꦃꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏ꧀ꦧꦶꦱꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦱꦥꦧꦲꦺ꧉
ꦤꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦲꦤꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦫꦢꦚꦸꦱꦃꦲꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦺꦠꦤ꧀ꦠꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦶꦠꦱꦶꦁꦥꦿꦕꦪꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉ꦏꦁꦒꦺꦴꦒꦪꦸꦃꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦁꦤꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦠꦸꦭꦝꦩꦫꦁꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦧꦧ꧀ꦏꦱꦼꦠꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦩ꧀ꦭꦏꦸꦤꦺꦁꦢꦭꦤ꧀ꦥꦤꦟ꧀ꦝꦁ꧉ꦏꦟ꧀ꦝꦶꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦫꦗꦧꦿꦤꦱꦶꦁꦏꦶꦠꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦏꦟ꧀ꦛꦶꦮꦶꦕꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦒꦸꦃꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦧꦽꦏꦃꦏꦁꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦧꦸꦠꦸꦃꦲꦏꦺ꧉ꦏꦟ꧀ꦛꦶꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦱꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦫꦤꦏꦼꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦢꦪꦥꦥꦫꦶꦁꦢꦊꦩ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦺꦭꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦱꦶꦃꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦱꦁꦱꦪꦢꦔꦸꦱꦁꦱꦪꦔꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦫꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦺꦗꦮꦤ꧀ꦠꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧈ꦥꦼꦥꦝꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦸꦁꦥꦔꦗꦼꦁꦲꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦱꦢꦺꦔꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦢꦺꦴꦚ꧉ꦗꦼꦂꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Dalasan ana ing tanah prajanjian Israèl isih ngalami setya lan cidra. Supaya padha bisa martobat kala-kala Pangéran ngutus jaksa. Nanging jaksa iki kerep ora padha dirungokaké. Éwadéné para jaksa tetep nglantaraké umat ana ingarsaning Pangéran.
Ana ing prajanjian lawas kerep keprungu: Gusti Allah iku Allah sing sujanan. Nanging sing dipundhut Sang Kristus isih ngluwihi. Sang Kristus ora trimah karo sing mung paro-paro. nDhèrèk Panjenengané iku kudu wutuh. Gegambaran iki kacetha ana ing critané pemudha sugih. Tumindak sing apik bisa ditindakaké marang sapa baé.
Nanging yèn tumindak ana ing kahanan mengkoné rada nyusahaké dhéwé iku mujudaké tantangan kanggo kita sing pracaya marang Gusti Yésus. Kanggo gayuh kasampurnan, Gusti Yésus paring tuladha marang kita kabèh bab kasetyan ing tumindak apik sanajan mlaku neng dalan panandhang. Kanthi mangkono, raja-brana sing kita nduwèni kanthi wicak lan saguh andum berkah kanggo wong sing mbutuhaké. Kanthi mangkono isa kanggo sarana keslametan lan kabegjan marang pepadha.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun dhateng sadaya peparing Dalem, ingkang nélakaken asih Dalem dhateng kawula. Kawula sami nyuwun ingarsa Dalem, keparenga sangsaya dangu sangsaya ngèmperi Panjenenganipun ingkang ngéjawantahaken katresnan Dalem inggih Sri Yésus Kristus, pepadhang ingkang asung pangajeng-ajeng dhateng sadéngah tiyang ing alam donya. Jer Panjenenganipun punika ingkang jumeneng ing salami-laminipun.
Amin.

Tidak ada komentar: