ꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦩ꧀ꦥꦁꦲꦸꦤ꧀ꦠꦱꦸꦩꦸꦫꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁꦗꦫꦸꦩ꧀
ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦩꦸꦭꦩꦺꦔꦶꦤ꧀ꦤꦏꦺꦏꦼꦭꦺꦠ꧀ꦩꦫꦁꦧꦟ꧀ꦝꦭꦤ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚ꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦺꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧉ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦶꦱꦚ꧀ꦗꦭꦂꦫꦶꦮꦺꦴꦁꦮꦸꦠꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦿꦏꦫꦥꦿꦏꦫꦱꦶꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦲꦸꦂ꧉ꦲꦗꦶꦤꦶꦁꦧꦫꦁꦏꦢꦺꦴꦚꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦭꦫꦺꦭꦠꦶꦥ꦳꧀꧉
ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦢꦶꦥꦲꦩ꧀ꦩꦶꦲꦥꦩꦏ꧀ꦱꦸꦢ꧀ꦢꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦧ꧀ꦢꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶ꧉ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀ꦲꦶꦱ꧀ꦠꦶꦭꦃꦏꦁꦒꦺꦴꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦭꦮꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦏꦸꦫꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦱꦩꦺꦠꦺꦂꦲꦩ꧀ꦧꦤꦺꦒꦸꦤꦤꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦩꦼꦠꦸꦲꦶꦁꦏꦸꦛ꧉ꦏꦸꦛꦏꦸꦛꦲꦶꦁꦠꦶꦩꦸꦂꦠꦼꦔꦃꦢꦶꦲꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦱꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦃꦏꦁꦒꦺꦴꦔꦪꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶꦥꦼꦟ꧀ꦝꦸꦝꦸꦏ꧀ꦏꦸꦛꦱꦏꦱꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦱꦏꦗꦧꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀꧉
ꦭꦮꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀ꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦫꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦪꦱꦠ꧀ꦥꦼꦫꦁꦱꦸꦥꦪꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦏꦸꦛꦱꦶꦁꦗꦸꦩ꧀ꦭꦃꦲꦺꦲꦏꦺꦃꦧꦔꦼꦠ꧀꧉ꦭꦤ꧀ꦥꦼꦟ꧀ꦝꦸꦝꦸꦏ꧀ꦏꦸꦛꦒꦩ꧀ꦥꦁꦔꦭꦃꦲꦏꦺꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦱꦶꦁꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦸꦛꦱꦶꦗꦶꦩ꧀ꦧꦏꦱꦶꦗꦶꦭꦺꦮꦠ꧀ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀꧉
ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦲꦶꦏꦸꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦁꦏꦸꦠ꧀ꦧꦫꦁꦲꦩꦂꦒꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦸꦮꦸꦂꦩꦸꦭꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦒꦮꦲꦸꦤ꧀ꦠꦢꦶꦱꦺꦭꦺꦃꦲꦏꦺꦤꦶꦁꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦱꦸꦥꦪꦲꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧉ꦧꦧ꧀ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁꦲꦸꦤ꧀ꦠꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀ꦲꦩꦂꦒꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦢꦶꦠꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦒꦮꦩꦲꦸꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦶꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦗꦫꦸꦩ꧀꧉ꦱꦸꦥꦪꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦺꦭꦺꦃꦏꦺꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦲꦸꦤ꧀ꦠꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦱꦸꦥꦪꦧꦶꦱꦒꦩ꧀ꦥꦁꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸ꧉
ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦲꦔꦺꦭ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦤꦺꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧉ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦺꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦩꦒꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦶꦲꦔꦺꦭ꧀ꦭꦺꦱꦏꦲꦸꦤ꧀ꦠꦩꦸꦭꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦭꦼꦩ꧀ꦔꦼꦕꦸꦭ꧀ꦭꦏꦺꦧꦟ꧀ꦝꦤꦺ꧉ꦗꦠꦶꦭꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦫꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦏꦪꦔꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦁꦠꦸꦩꦸꦗꦸꦥꦶꦪꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦗꦒꦧꦂ꧀ꦝꦤꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦁꦔꦿꦮꦠ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦫꦺꦴꦲꦤꦺꦤ꧀꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦲꦾꦁꦫꦺꦴꦃꦱꦸꦕꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦫꦼꦁꦚꦼꦧꦸꦠ꧀꧇ꦄꦧ꧀ꦧꦱ꧀꧈ꦫꦩ꧈ꦝꦠꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Mula ménginaké kêlèt marang bandha lan mbangun padunungan ana ing donya. Gusti ngèngetaké murid-murid Dalem ing bab iki. Awit bisa njalari wong wuta tumrap prakara-prakara sing luwih luhur. Ajining barang kadonyan iku mula relatif.
Ayo pada dipahami apa maksudé bolongan jarum ing sabda Gusti Yésus dina iki. Bolongan jarum istilah kanggo nyebut lawang cilik, kurang luwih sakmeter ambané, gunané kanggo mlebu metu ing kutha. Kutha-kutha ing Timur Tengah diubengi témbok-témbok sing kukuh, kanggo ngayomi penduduk kutha saka serangan mungsuh saka njaba tembok.
Lawang cilik sing kasebut bolongan jarum, sabeneré iku siasat perang supaya mungsuh ora bisa mlebu ing jero kutha sing jumlahé akèh banget. Lan penduduk kutha gampang ngalahaké mungsuh sing mlebu ing kutha siji mbaka siji lewat bolongan jarum.
Unta iku kéwan angkut barang. Amarga awaké dhuwur, mula barang-barang sing digawa unta disèlèhké ning kiwa tengen awaké supaya imbang. Bab iki sing gawè unta ora bisa mlebu bolongan jarum, amarga awaké ditambahi barang-barang sing digawa mau, ngluwihi bolongan jarum. Supaya bisa mlebu, barang-barang sing disèlèhké kiwa tengen awaké unta kudu dicopoti, supaya bisa gampang mlebu.
Mangkono uga wong sugih angèl mlebu nèng kratoning swarga. Pangandika Yésus, angèl banget mlebu kratoning swarga, ngluwihi angèlé saka unta, mula wong sugih ora gelem ngeculaké bandhané. Ati lan pikirané wong sugih kaya ngono iku mung tumuju piyé anggoné jaga bandhané tinimbang ngrawat urip karohanèn.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun karana Putra Dalem sampun ndadosaken kawula manungsa énggal, kawula munjuk sembah nuwun karana Hyang Roh Suci sampun ndadosaken kawula manungsa ingkang kepareng nyebut: Abbas, Rama, dhateng Gusti. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: