ꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦂ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦢꦺꦴꦔꦺꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦪꦺꦴꦠꦩ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦺꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦔꦗꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦶꦁꦫꦠꦸ꧉ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦫꦠꦸꦤꦺꦪꦩꦸꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈ꦫꦠꦸꦫꦠꦸꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦧꦼꦧꦪꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦁꦢꦢꦶꦮꦏꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦸꦫꦁꦕꦼꦛ꧉
ꦩꦸꦭꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦺꦴꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦮꦼꦫꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦤꦩ꧀ꦥꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺꦪꦏꦸꦢꦸꦥꦝꦏꦫꦺꦴꦏꦶꦠ꧈ꦏꦉꦥ꧀ꦧꦲꦺꦏꦶꦠꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦤꦩ꧀ꦥꦪꦺꦤ꧀ꦏꦲꦤꦤ꧀ꦤꦺꦧꦺꦢ꧉ꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦧꦸꦫꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦂꦲꦶꦏꦶꦔꦗꦏ꧀ꦏꦶꦠꦔ꧀ꦒꦒꦱ꧀ꦒꦒꦱ꧀ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦩꦫꦁꦲꦏꦸꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦧꦼꦢꦶꦏ꧀꧉
ꦲꦠꦶꦩꦺꦫꦺꦤ꧀ꦒꦸꦩꦼꦝꦺꦱꦿꦏꦃꦤꦼꦱꦸꦝꦺꦴꦏꦺꦴꦃꦏꦼꦱꦺꦢ꧀ꦧꦺꦴꦱꦼꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦲꦤꦺꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦲꦩꦂꦒꦏꦶꦠꦤꦟ꧀ꦝꦶꦁꦤꦟ꧀ꦝꦶꦁꦲꦏꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦏꦶꦠꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧉
ꦏꦟ꧀ꦛꦶꦏꦩꦶꦫꦃꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦪꦺꦴꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦥꦫꦶꦁꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉ꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦧꦸꦠꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺꦥꦼꦥꦝ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦱꦁꦩꦺꦱꦶꦪꦱ꧀ꦩꦏꦂꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦸꦂꦢꦊꦩ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦩꦸꦭꦁꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦸꦧꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦒꦢ꧀ꦧꦸꦩꦶꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Dongèng pasêmoné Yotam nggambaraké, yèn umat ora bisa ngajèni pangkating ratu. Tumrap ing umat ratuné ya mung Allah piyambak. Ratu-ratu ing donya bebayané yèn banjur dadi wakiling Pangéran sing kurang cetha.
Mula sok ora gampang weruh wong liya nampa kasaénan Dalem Gusti. Karepé ya kudu padha karo kita. Kerep baé kita ora bisa nampa yèn kaanané béda. Pasemon bab buruh ing kebon anggur iki ngajak kita nggagas-gagas: apa kowé nepsu marang Aku tumindak becik?
Ati mèrèn, gumedhé, srakah, nesu, dhokoh, kesèd, bosen karohanèn, minangka oyoting dosa, amarga kita nandhing-nandhingaké uripé kita karo wong liya.
Kanthi kamirahan Dalem Gusti, ayo kita uga paring welas asih marang pepadha ana ing urip padintenan. Dadi wong sing welas asih tumrap kabutuhané pepadha.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun déné sampun ngutus Sri Yésus Sang Mésias makarya wonten ing kebon anggur Dalem. Mugi Panjenenganipun karsaa mulang kawula, kados pundi anggèn kawula saged damel suburipun jagad, bumi Dalem punika. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: