Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦄꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦫꦺꦴꦠꦶꦏꦁ​ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ 
1ꦫꦗꦫꦗ 19: 4-8
ꦌꦥ꦳ꦺꦱꦸꦱ꧀ 4: 30-5:2
ꦪꦺꦴꦲꦤꦼꦱ꧀ 6: 41-51

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ "ꦄꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦫꦺꦴꦠꦶꦏꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦏꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧉ꦩꦤꦮꦮꦺꦴꦁꦩꦔꦤ꧀ꦫꦺꦴꦠꦶꦲꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦱꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺ꧉ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦫꦺꦴꦠꦶꦧꦏꦭ꧀ꦥꦮꦺꦮꦺꦃꦏꦸꦪꦲꦶꦏꦸꦱꦭꦶꦫꦏꦸꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦗꦒꦢ꧀꧉" ꦱꦺꦢꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦩꦼꦟ꧀ꦛꦁꦔꦤ꧀ꦕꦫꦏꦁꦚꦠꦚꦮꦁꦫꦺꦴꦠꦶꦱꦶꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦏꦿꦱꦶ꧉ꦱꦭꦶꦫꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦢꦶꦕꦸꦮꦶꦭ꧀ꦕꦸꦮꦶꦭꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦫꦶꦁꦏꦺꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦗꦒꦢ꧀

ꦲꦸꦏꦫꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦏꦿꦱꦶ꧇ "ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦏꦶꦱꦭꦶꦫꦏꦸꦏꦁꦢꦶꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦤꦏꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦔ꧀ꦭꦧꦸꦃꦲꦶꦏꦺꦴꦮꦺ" ꦭꦤ꧀꧇ ꧇ "ꦥꦝꦠꦩ꧀ꦥꦤꦤꦲꦶꦏꦶꦭꦤ꧀ꦥꦝꦢꦶꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦲꦮꦶꦠ꧀ꦠꦸꦮꦸꦁꦲꦶꦏꦶꦲꦶꦱꦶꦫꦃꦏꦸ" ꦲꦸꦏꦫꦏꦸꦮꦶꦧꦼꦤꦼꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦥꦼꦥꦫꦶꦁꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦼꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦗꦒꦢ꧀꧉ꦱꦶꦁꦱꦥꦤꦩ꧀ꦥꦫꦺꦴꦠꦶꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧉

ꦱꦮꦸꦱꦺꦏꦶꦠꦟ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦺꦏꦫꦶꦱ꧀ꦠꦶꦲꦶꦩꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ "ꦄꦪꦺꦴꦥꦝꦩꦂꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦤꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦸꦥꦪꦱꦥꦧꦲꦺꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦔꦿꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉" ꦲꦥꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦪꦥ꧀

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦒꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦤꦩ꧀ꦥꦶꦱꦏꦿꦩꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦚ꧀ꦗꦭꦫꦤꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦏꦮꦸꦭꦱꦲꦠꦼꦒꦸꦃꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦟ꧀ꦛꦶꦏꦱꦸꦤꦂꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦱꦸꦚꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
1Raj. 19: 4-8
Ef. 4: 30-5:2
Yoh. 6: 41-51

Panglimbang

Injil dina iki, Yésus ngandika "Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki bakal urip salawasé. Anadéné roti bakal pawèwèhku yaiku saliraKu kang bakal kanggo uripé jagad. Sédané Gusti Yésus ing pamentangan cara kang nyata nyawang roti sing ana ing konsenkrasi. Salira Dalem Gusti dicuwil-cuwil kanggo paring keslametan jagad.

Ukara konsenkrasi , "Awit iki salira-Ku, salira kang dikurbanaké kanggo nglabuhi kowé" lan "Pada tampanana iki lan padha diombé. Awit tuwung iki isi Rahku". Ukara kuwi bener-bener peparing pribadi Gusti Yésus kanggo keslametan jagad. Sing sapa nampa roti panguripan bakal urip langgeng.

Sawusé kita ndhérék ekaristi, imam ngandika, "Ayo padha martakaké katresnan lan kawelasan Dalem supaya sapa baé bisa mlebu ngrasakaké katentreman Dalem." Apa awaké dhéwé wis siap?

Sêmbahyang

Gusti, mugi anggèn kawula nampi sakramen punika njalarana wilujeng kawula saha teguhing manah salebetipun mlampah kanthi kasunaran ing kasunyatan Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.