Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦔꦟ꧀ꦝꦫꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦂ​ 6, 4-13
꧋ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦩꦸꦏꦟ꧀ꦛꦶꦒꦸꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦲꦠꦶꦩꦸ꧉​
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 17, 14-19
꧋ꦱꦲꦸꦥꦩꦏꦺꦴꦮꦺꦢꦸꦮꦺꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦧꦫꦁ​ꦩꦺꦴꦏꦭ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦺꦴꦮꦺ꧉​

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦲꦶꦁ​ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦏꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦏꦂ​ꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦠꦸꦗꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦫꦁ​ꦩꦤꦸꦁ​ꦱ꧉​ꦝꦮꦸꦃ​ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦩꦸꦱꦶꦁ​ꦩꦫꦠꦺꦭ꧀ꦭꦏꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦲꦸ꧉​ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦺꦴꦫꦩꦫꦁ​ꦧꦫꦁ​ꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦫꦁ​ꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧉​ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁ​ꦩ꧀ꦭꦶꦒꦶꦫꦱꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦼꦠꦾꦱꦶꦁ​ꦚꦠꦩꦫꦁ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦏꦪꦱꦶꦁ​ꦏꦕꦛꦼꦠ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁ​ꦄꦁ​ꦒꦺꦂ​꧉​

ꦕꦸꦥꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁ​ꦧꦶꦱꦚꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦥꦱꦶꦁ​ꦢꦢꦶꦲꦪꦃ​ꦲꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁ​ꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦏꦂ​ꦪꦩꦸꦏ꧀ꦗꦶꦗꦠ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦗꦶꦗꦠ꧀꧉​ꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁ​ꦲꦝꦼꦝꦱꦂ​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦸꦒꦫꦺꦴꦃ​꧉​ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁ​ꦥꦫꦶꦁ​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦧꦶꦱꦮꦼꦫꦸꦃ​ꦩꦮꦏꦕꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​꧉​

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦏꦠꦸꦟ꧀ꦝꦸꦁ​ꦔꦱꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦠꦼꦔꦃ​ꦠꦼꦔꦃ​ꦏꦮꦸꦭ꧈​ꦱꦲꦏꦼꦥꦉꦁꦁ​ꦔꦏꦮꦸꦭꦒꦼꦱꦁ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦭꦸꦧꦺꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦩꦤꦸꦁ​ꦱ꧉​ꦩꦸꦒꦶꦏꦮꦸꦭꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦤꦱꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦆꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Pangandharing Angger 6, 4-13
Tresna marang Pangéran Allahmu kanthi gumolonging atimu
Matéus 17, 14-19
Saupama kowé duwé pangandel, ora ana barang mokal tumrap ing kowé

Panglimbang

Ing waosan sapisan sakèhing pakaryan Dalem katujokaké marang manungsa. Dhawuh "Tresna marang Allahmu" sing mratélakaké iku mau. Tresna mono ora marang barang, nanging marang pribadi. Tresna iku ora mung mligi rasa, nanging setya sing nyata marang Allah, kaya sing kacathet ana ing Angger.

Cupeting pangandel njalari para murid durung bisa nyandhak apa sing dadi ayahan Dalem Sang Kristus akarya mukjijat-mukjijat. Pakaryan Dalem ora mung adhedhasar pangandel, nanging uga Roh. Iki sing paring pangandel lan njalari bisa weruh mawa kacatingaling Allah.

Sêmbahyang

Gusti Allah kawula, mugi katundhunga sakathahing piawon saking tengah-tengah kawula, saha keparenga kawula gesang saking lubèring katresnan Dalem dhateng manungsa. Mugi kawula kadadosna tiyang ingkang ngèmperi Putra Dalem kinasih, ingkang jumeneng ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.