ꦟ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦶꦭꦶꦃꦧꦁꦱꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦱꦸꦥꦪꦢꦢꦶꦪꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦉꦥ꧀ꦔꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦏꦺꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦫꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱ꧉ꦩꦸꦭꦏꦧꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦧꦸꦩꦶꦭꦔꦶꦠ꧀꧉ꦱꦁꦱꦪꦱꦸꦮꦺꦏꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦱꦁꦱꦪꦫꦸꦩꦼꦱꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦢꦢꦶꦥꦸꦠꦿꦏꦶꦤꦱꦶꦃꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦚꦁꦒꦤꦱꦶꦧ꧀ꦧꦺꦲꦸꦩꦠ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦮꦸꦠꦸꦃꦲꦺ꧉
ꦩꦸꦱꦔꦗꦏ꧀ꦧꦁꦱꦆꦱꦿꦌꦭ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦶꦏꦂꦪꦏꦂꦪꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦩꦸꦱꦤ꧀ꦢꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦩꦶꦤꦁꦏꦏꦚꦠꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉
ꦲꦶꦁꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦱꦸꦕꦶꦱꦮꦸꦱꦺꦥꦺꦠꦿꦸꦱ꧀ꦢꦶꦢꦸꦏꦤꦶꦩꦂꦒꦥꦤꦼꦩꦸꦤꦺꦧꦧ꧀ꦱꦁꦩꦺꦱꦶꦪꦱ꧀ꦱꦶꦁꦏꦸꦫꦁꦧꦼꦼꦤꦼꦂꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦟ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦩꦫꦁꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦠꦸꦠ꧀ꦧꦸꦫꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦔꦩ꧀ꦧꦃꦢꦭꦤ꧀ꦱꦭꦶꦧ꧀꧉ꦱꦸꦒꦶꦃꦥꦩꦿꦶꦃꦭꦤ꧀ꦩ꧀ꦧꦸꦫꦸꦧꦸꦠꦸꦃꦲꦺꦝꦺꦮꦺꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦲꦩꦿꦶꦃꦧꦶꦱꦲꦤꦼꦩꦸꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧉
ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦱꦁꦁꦱꦫꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦧꦶꦱꦤꦺꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀꧉ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦸꦏꦫ꧈ꦟ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦏꦸꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦏꦫꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺꦏꦶꦠꦲꦤꦤꦺꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦺꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀꧉ꦩꦸꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦏꦸꦮꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦠꦒ꧀ꦢꦢꦶꦥꦟ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦼꦗꦠꦶ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦱꦧ꧀ꦢꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦭꦶꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦼꦩ꧀ꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦁꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦼꦩ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦠꦸꦮꦮꦶꦤ꧀ꦏꦏꦶꦪꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦝꦺꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦲꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦢꦺꦴꦚ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧀
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Pangéran milih bangsa Israèl, supaya dadia lantaran anggèné arep ngatingalaké katresnan Dalem marang umat manungsa. Mula kabèh wong sing diparingi bumi-langit. Sangsaya suwé karsa Dalem sangsaya rumesep ing atining umat Israèl, nganti ana ingarsa Dalem dadi putra kinasih sing bisa nyangga nasibé umat manungsa sawutuhé.
Musa ngajak bangsa Israèl kanggo ndelok lan ngélingi karya-karya sing wis ditindakaké Gusti. Musa ndelok kabèh mau minangka kanyatan awit katresnan Dalem Gusti.
Ing Injil Suci, sawusé Pétrus didukani marga panemuné bab Sang Mésias sing kurang bener, Gusti mundhut marang para murid supaya padha tutburi Panjenengané ngambah dalan salib. Sugih pamrih lan mburu butuhé dhéwé kudu ditinggal, amrih bisaa nemu urip.
Liwat sangsara lan pati bisané nggayuh kamulyan. pungkasan ukara. "Ndhèrèk Aku" ing wiwitan ukara ngélingaké kita anané wiwitané utusaning para murid. Mung wong-wong sing kuwat lan tatag dadi pandhèrèké Gusti Yésus sing sejati.
Sêmbahyang
Gusti Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun karana sabda tuwin salib, ingkang kagem nedahaken margining katentreman, ingkang kagem maringaken semangat tuwin kakiyatan badhé mbudidaya katentreman tuwin kaadilan tumrap sadaya tiyang ing alam donya. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: