ꦏꦸꦚ꧀ꦕꦶꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦱꦭꦤ꧀ꦥꦔꦥꦸꦫꦒꦶꦭꦶꦂꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦸꦩꦠ꧀ꦱꦶꦁꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦫꦸꦩꦏꦼꦠ꧀ꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀꧉ꦱꦲꦶꦏꦶꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦥꦝꦗꦭꦸꦏ꧀ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺ꧀꧉ꦩꦸꦱꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦒꦺꦴꦗꦒ꧀ꦒꦗꦼꦒ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦲꦼꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦏꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝꦔꦸꦩ꧀ꦧꦫꦭꦤ꧀ꦥꦝꦒꦿꦸꦟ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧉ꦩꦁꦒꦱꦏꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦱꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦥꦉꦁꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦱꦒꦃꦲꦏꦺꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉
ꦲꦶꦁꦲꦶꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦱꦸꦕꦶ꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦔꦸꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺꦥꦤꦼꦩꦸꦤꦺꦧꦧ꧀ꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦢꦊꦩ꧀꧉ꦥꦺꦠꦿꦸꦱ꧀ꦱꦶꦁꦕꦲꦺꦴꦱ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧇ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦱꦁ꧉ꦤꦔꦶꦁꦧꦉꦁꦥꦝꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦩꦭꦃꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦚꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦭꦶꦭ꧈ꦩꦂꦒꦩꦸꦁꦥꦝꦩꦶꦏꦶꦂꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦽꦱꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤꦲꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉ꦏꦼꦥꦉꦁꦔꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦢꦺꦴꦚꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀꧉
Panglimbang
Ngandel lan maido dosa lan pangapura gilir gumanti tumrap umat sing kepéngin rumaket marang Pangéran. Saiki genti padha njaluk ngombé. Musa genti gojag-gajeg, déné ora ana entèké anggoné padha ngumbara lan padha grundelan. Marga saka iku Musa ora kepareng mlebu ing tanah sing wis disagahaké déning Allah.
Injil Suci, Gusti ndangu para murid kepriyé panemuné bab pribadi Dalem. Pétrus sing caos wangsulan: Panjenengan punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang. Nanging bareng padha diparingi katerangan, malah padha ora nyandhak lan padha ora lila, marga mung padha mikir kamanungsané.
Sêmbahyang
Gusti Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun, déné Gusti karsa ngirid kawula mlebet ing kraton Dalem, tinuntun ing Putra Dalem piyambak. Keparenga Pasamuwan ing sadonya tansah ngaosi sabdanipun jer Panjenenganipun punika Putra Dalem, ingkang jumeneng ing salami-laminipun. Amin

Tidak ada komentar: