ꦠꦤꦃꦱꦸꦕꦶ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦧꦉꦁꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦏꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦤꦃꦏꦱꦒꦲꦃꦲꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦥꦝꦩ꧀ꦧꦭꦺꦭꦩꦤꦺꦃꦲꦺꦴꦫꦮꦤꦶꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦶꦲꦏꦶꦧꦠ꧀ꦠꦺ꧉ꦤꦔꦶꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦁꦒꦼꦒꦼꦒ꧀ꦒꦶꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦔꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦲꦸꦝꦺꦮꦺ꧉ꦱꦏꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦥꦝꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦸꦥꦪꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸ꧉ꦭꦒꦶꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦚꦂꦲꦶꦂꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦱꦶꦂꦏꦼꦥꦉꦁꦩ꧀ꦭꦧꦸ꧉
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦔꦺꦭꦂꦠꦼꦧꦤꦶꦁꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦲꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦚ꧀ꦕꦩꦭꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦢꦶꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦆꦱꦿꦌꦭ꧀꧉ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦮꦤꦶꦠꦏꦤꦄꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦟ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦱꦺꦴꦂꦭꦤ꧀ꦥꦼꦤꦸꦃꦏꦥꦶꦠꦪꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦕꦸꦏꦸꦥ꧀꧉ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦏꦮꦶꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦧꦺꦃꦪꦲꦸꦢꦶꦮꦶꦱ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧈ꦏꦺꦥꦿꦶꦪꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦺꦗꦺꦧꦁꦱ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦲꦶꦩꦤ꧀ꦱꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦺꦏꦪꦮꦤꦶꦠꦏꦤꦄꦤ꧀ꦩꦸꦭꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦸꦏꦒꦩ꧀ꦧꦶꦫꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦶꦠꦥꦿꦕꦪꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦏꦮꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭꦭꦤ꧀ꦠꦂꦫꦤ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦏꦫꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢꦢꦺꦴꦚꦲꦸꦚ꧀ꦗꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦲꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Panglimbang
Bareng wis tekan ing kikising tanah kasagahan, wong-wong padha mbaléla manèh, ora wani ngadhepi akibaté. Nanging saiki genti Pangéran sing nggegegi omongé wong-wong mau dhéwé. Saka turunan anggoné kudu padha ngentèni supaya bisa mlebu. Lagi turun anyar ing tembé sing kepareng mlebu.
Gusti ngelar têbaning pakaryan Dalem. Ana ing tanahé wong-wong manca malah luwih diandel tinimbang ana ing Israèl. Sembahyangané wanita Kanaan sing andhap asor lan penuh kapitayan, wis cukup. Murid-murid kawitan, sing kabèh Yahudi, wis nampa wangsulan, kepriyé anggoné kudu nanggapi wong séjé bangsa. Yèn kita kabèh duwéni iman sing gedhé pangandelé kaya wanita Kanaan, mula Gusti Yésus tetep suka gambira awit kita pracaya marang Gusti Yésus.
Allah Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun karana kawarasan ingkang dipun paringaken dhateng kawula lantaran sabdaning katentreman, inggih Sri Yésus Putra Dalem. Mugi karana Panjenenganipun sageda donya unjal ambegan malih samangké saha ing salami-laminipun.
Amin.

Tidak ada komentar: