Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦥꦔꦤ꧀ꦏꦁꦲꦶꦱꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦔꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦤ꧀ 16, 2-4.12-15
ꦌꦥ꦳ꦺꦱꦸꦱ꧀ 4, 17.20-24
ꦪꦺꦴꦲꦤꦼꦱ꧀ 6, 24-35

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

꧋ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺꦏꦶꦠꦱꦸꦥꦪꦩꦏꦂꦪꦲꦺꦴꦫꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦫꦸꦱꦏ꧀‍ꦤꦔꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦏꦁꦲꦶꦱꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧉ꦏꦸꦮꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦏꦽꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉

ꦮꦺꦴꦁꦮꦻꦴꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦩꦂꦒꦲꦺꦴꦫꦢꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦠꦟ꧀ꦝꦠꦟ꧀ꦝ꧈ꦤꦔꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦮꦉꦒ꧀꧉ꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦱꦥꦠꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀‍ꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦲꦥꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧉ꦲꦏꦶꦧꦠ꧀ꦠꦺꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦏꦸꦫꦁꦏꦥꦶꦠꦪꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦶꦧꦸꦏ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦗꦶꦗꦠ꧀꧉

ꦩꦏꦂꦪꦏꦸꦮꦶꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦩꦫꦲꦶꦫꦸꦱꦏ꧀‍ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦏꦂꦪꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧉ꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀‍ꦏꦲꦸꦠꦩꦤ꧀‍ꦱꦼꦤꦼꦁꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧈ꦒꦠꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦱꦸꦱꦃꦲꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦼꦥꦝ꧉

ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦼꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦸꦂꦧꦤ꧀ꦤꦏꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦔꦤ꧀ꦫꦺꦴꦲꦤꦶꦏꦶꦠ꧉ꦱꦭꦶꦫꦢꦊꦩ꧀ꦱꦶꦁꦏꦶꦠꦠꦩ꧀ꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦲꦂꦒꦾꦤ꧀ꦲꦺꦏꦫꦶꦱ꧀ꦠꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦫꦺꦴꦠꦶꦲꦸꦫꦶꦥ꧀‍ꦱꦔꦸꦔꦶꦪꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦏꦶꦠꦱꦢꦪ꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

꧋ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦔꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦮꦶꦤꦸꦒꦿꦲꦏꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤ꧀‍ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦪꦺꦴꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧈ꦱꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦏꦼꦟ꧀ꦝꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀‍ꦱꦒꦼꦢꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦤꦩꦥꦶꦥꦤꦼꦧꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦭꦁꦒꦼꦁ꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀꧉


Waosan
Pangentasan 16, 2-4.12-15
Efesus 4, 17.20-24
Yoanes 6, 24-35

Panglimbang

Waosan Injil dina iki ngélingaké kita supaya makarya ora kanggo pangan sing bisa rusak, nanging  pangan kang isa tumindak urip langgeng. Kuwi sing dikersakaké  Gusti Yésus.

Wong-wong golèki Gusti Yésus, marga ora delok tandha-tandha, nanging wong mau wis padha wareg. Padha ora ningali sapa ta Gusti Yésus, nanging mung golèki  apa sing diparingaké Gusti Yésus. Akibaté wis padha kurang kapitayane, ananging mung sibuk golek mukjijat.

Makarya kuwi ora mung golèk pangan sing marahi rusak, ananging makarya golèk pangan sing bisa tumindak urip langgeng. Kabecikan, kautaman, seneng tetulung wong liya, gatekake kasusahan tumrap pepadha.

Iki sing diarani setya tuhu marang Gusti. Gusti tansah ngurbanaké kanggo pangan rohani kita. Salira Dalem sing kita tampa wonten ing pahargyan Ekaristi boten sanés roti urip, sangu ngiyataken kita sadaya.

Sembahyang

Gusti, mugi ingkang sampun kabangun énggal mawi nugraha kaswargan, kalangkungan ing pangayoman Dalem, saha ingkang tanpa kendhat dipun agengaken manahipun, sageda pantes nampi panebusan langgeng. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.