Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦥꦝꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦫꦸꦠ꧀ 2, 1-3.8-11; 4:13-17
ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦫꦶꦭꦪꦺꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦶꦁꦤꦼꦫꦸꦱ꧀ꦱꦏꦺꦏꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦺ꧉
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 23, 1-12
ꦥꦝꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦲꦗꦂꦫꦤ꧀ꦥꦫꦲꦃꦭꦶꦏꦶꦠꦧ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦫꦶꦱꦶꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦺ꧉ꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦲꦺꦭꦶꦁꦏꦺꦢꦢꦶꦪꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏ꧀꧉ꦩꦸꦁꦢꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦟ꧀ꦛꦶꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦱꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦭꦤ꧀ꦢꦶꦫꦱꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦶꦥꦫꦶꦁꦥꦼꦥꦺꦭꦶꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦶꦠꦱꦸꦥꦪꦝꦝꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦏꦸꦮꦶꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦧꦺꦃꦏꦏꦸꦮꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦲꦟ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦱꦺꦴꦂ꧉ꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦪꦺꦤ꧀ꦢꦢꦶꦥꦼꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦱꦒꦸꦃꦒꦮꦏꦧꦺꦃꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦗꦸꦏꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦢꦶꦠꦸꦭꦝꦱꦶꦁꦲꦶꦱꦢꦶꦕꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴ꧉

ꦏꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦺꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶꦢꦶꦒꦸꦒꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦭꦤ꧀ꦏꦼꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦺꦥꦫꦥꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦩꦯꦫꦏꦠ꧀ꦱꦶꦁꦲꦚꦂꦢꦶꦠꦼꦢꦃꦲꦏꦺ꧉ꦥꦔꦤꦸꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦢꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦲꦟ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦱꦺꦴꦂꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦺꦭꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦢꦂꦧꦺꦤꦶꦱꦶꦥꦠ꧀ꦱꦶꦥꦠ꧀ꦱꦶꦁꦩꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦥꦠ꧀ꦠꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦥꦤꦼꦧꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦠꦁꦲꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦱꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Ruth 2, 1-3.8-11; 4:13-17
Pangéran ora rila yèn nganti ora ana sing nerusaké kulawargané.
Matéus 23, 1-12
Padha omong, nanging ora nglakoni.

Panglimbang

Gusti Yésus ngelingaké para murid kanggo nuruti lan nglakoni ajaran para ahli kitab lan wong Parisi, nanging aja nuruti tumindaké. Kita kabèh dielingke dadia abdi sing apik. Mung dadi abdi sing nindakaké kanthi temenan, tresna iku bisa sumebar lan dirasakaké marang pepadha. Injil dina iki paring pepéling kanggo kita, supaya dadi abdi kuwi nganggo kabèh kakuwatan kita uga andhap-asor. Yésus paring pangandika yèn dadi pemimpin sing apik kuwi wong sing saguh gawa kabèh sing dipimpin tumuju keslametan, lan dadi tuladha sing isa diconto.

Kaluputané para Parisi digugat Gusti lan kewajibané para panuntun ana ing masarakat sing anyar ditedahaké. Panganut Dalem iku kudu dadi abdi sing andhap-asor tumrap sadulur-sadulurè, lan kudu ndarbèni sipat-sipat sing mèmper karo sipating Allah lan Putra Dalem.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun karana panebusan ingkang kacawisaken lantaran Putra Dalem ontang-anting. Keparenga kawula dados tiyang ingkang gesang saking sabdanipun inggih dados putra-putra Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.