Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦩꦫꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦩꦸ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦫꦸꦲ꧀ 1, 1.3-6.14b-16.22
ꦤꦺꦴꦲꦺꦩꦶꦩꦸꦭꦶꦃꦧꦉꦁꦏꦫꦺꦴꦫꦸꦠ꧀ꦮꦤꦶꦠꦩꦺꦴꦄꦧ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦝꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦧꦺꦠ꧀ꦭꦼꦏꦺꦩ꧀꧉
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 22, 34-40
︀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦭꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦩꦸꦏꦪꦩꦫꦁꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧉

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦤꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦏꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦶꦠꦪꦺꦤ꧀ꦝꦱꦂꦫꦺꦏꦧꦺꦃꦲꦁꦒꦼꦂꦪꦲꦶꦏꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦶꦤꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠꦪꦺꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃꦱꦶꦁꦲꦸꦠꦩꦪꦲꦶꦏꦸꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦟ꧀ꦛꦶꦱꦮꦸꦠꦸꦃꦲꦶꦁꦲꦠꦶꦩꦸꦭꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦏꦪꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧉ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦥꦼꦥꦝꦏꦪ꧌ꦝꦸꦮꦱꦶꦱꦶꦝꦫꦶꦱꦠꦸꦩꦠꦈꦮꦁ꧍ꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦢꦶꦥꦶꦱꦃꦲꦏꦺꦭꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦏꦱꦼꦠꦾꦤ꧉ꦲꦗꦏꦟ꧀ꦝꦲꦱꦶꦃꦠꦽꦱ꧀ꦤꦪꦺꦤ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦲꦶꦱꦶꦃꦱꦼꦤꦼꦁꦥꦶꦭꦶꦃꦏꦱꦶꦃ꧉

ꦥꦿꦤꦠꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦥꦝꦢꦶꦒꦠꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦧꦔꦼꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦪꦲꦸꦢꦶꦤꦔꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦚꦸꦒꦸꦃꦲꦏꦺꦱꦶꦁꦒꦼꦝꦺ꧇ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦲꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉ꦲꦁꦒꦼꦂꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦒꦼꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦁꦱꦶꦗꦶ꧉ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦤꦸꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦥꦶꦱꦃꦏꦫꦺꦴꦠꦽꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦧꦺꦃꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀꧉

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦢꦼꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦱꦲꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦱꦩꦶꦔꦏꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦫꦶꦁꦭꦸꦮꦂꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦮꦸꦭꦕꦃꦪꦤꦶꦁꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦤꦶꦁꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦲꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
Ruth 1, 1.3-6.14b-16.22
Noémi mulih bareng karo Ruth, wanita Moab lan padha njujug ing Bètlekèm
Matéus 22, 34-40
Trésnaa marang Pangéran Allahmu lan marang pepadhamu kaya marang awakmu dhéwé.

Panglimbang

Gusti Yésus negesaké kanggo kita yèn dasaré kabèh angger yaiku tresna marang Allah lan tresna marang pepadha. Intiné urip kita yèn ndhérék Gusti Yésus yaiku nindakaké préntah sing utama, yaiku tresna marang Allah kanthi sawutuhing atimu lan tresna marang pepadha kaya awakmu dhéwé. Tresna marang Allah lan pepadha kaya dua sisi dari satu mata uang sing ora bisa dipisahaké lan nuntut kasetyan. Aja kandha asih tresna yèn awaké dhéwé isih seneng pilih kasih.

Pranata cilik-cilik padha digatèkaké banget déning wong-wong Yahudi. Nanging Gusti nyuguhaké sing gedhé: trésnaa marang Allah lan marang pepadha. Angger loro prajanjian lawas iku kagem Gusti mung siji. Tumrap ing panganut Dalem tresna marang pepadha iku ora kena dipisah karo tresna marang Allah, sumbering kabèh katresnan.

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, keparenga kamulyan Dalem dedalem ing kawula, saha keparenga kawula sami ngakeni, sabda Dalem ingkang paring luwar lantaran Sri Yésus sadhèrèk kawula, cahyaning kamulyan Dalem, sabdaning katresnan Dalem samangké saha ing salami-laminipun.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.