Header Ads

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦌꦁꦒꦭ꧀
recent

ꦢꦶꦥꦝꦱꦶꦪꦒ

ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
1 ꦠꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ 3, 7-13
ꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦉꦁꦤꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦝꦩꦸꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦩꦸꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦱꦂꦠꦭꦸꦧꦺꦂꦭꦸꦧꦺꦂꦲꦶꦁꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝꦭꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦧꦺꦃꦮꦺꦴꦁ꧉
ꦩꦠꦺꦪꦸꦱ꧀ 24, 42-51
ꦢꦶꦥꦝꦱꦶꦪꦒ

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦥꦁꦭꦶꦥꦸꦂꦒꦼꦝꦺꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦫꦱꦸꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦥꦉꦁꦩꦼꦫꦸꦃꦲꦶꦲꦸꦩꦠ꧀ꦠꦺꦥꦝꦠꦼꦒꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦺ꧉ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦏꦥꦉꦁꦔꦭꦩ꧀ꦩꦶꦱꦶꦁꦏꦪꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦤꦔꦶꦁꦏꦧꦼꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫꦏꦺꦩꦫꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦏꦂꦪꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦏꦸ꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦥꦼꦤꦸꦃꦲꦠꦸꦂꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦚꦼꦩ꧀ꦧꦪꦁꦔꦏꦺꦱꦸꦥꦪꦥꦝꦩꦸꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦩꦸꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦝ꧉

ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦧꦧ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦔꦗꦏ꧀ꦏꦶꦠꦥꦝꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦶꦪꦒꦭꦤ꧀ꦩꦶꦒꦸꦤꦏ꧀ꦲꦏꦺꦮꦼꦏ꧀ꦠꦠꦸꦱꦲꦥꦶꦏ꧀ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦏꦺ꧉ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦶꦠꦲꦺꦴꦫꦔꦽꦠꦶꦏꦥꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦶꦁꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧉

ꦠꦸꦒꦱ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦺꦩꦶꦤꦁꦏꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪ꧉ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦺꦤꦺꦧꦶꦱꦩꦶꦤꦁꦏꦒꦼꦫꦺꦗꦲꦸꦒꦏꦶꦠꦏꦧꦺꦃ꧉ꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦭꦩ꧀ꦧꦁꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦒꦿꦺꦗꦱꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦒꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦩꦠ꧀ꦠꦺ꧉ꦲꦶꦏꦶꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦏꦶꦠꦩꦶꦤꦁꦏꦮꦺꦴꦁꦥꦿꦕꦪꦪꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦪꦒꦭꦤ꧀ꦗꦩꦶꦤ꧀ꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦼꦥꦝ꧉

ꦩꦸꦭꦩꦸꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦶꦪꦒꦱꦒꦸꦃꦩꦶꦭꦶꦃꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦴꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦱꦺ꧉ꦱꦶꦪꦒꦲꦶꦏꦸꦒꦼꦒꦟ꧀ꦝꦺꦁꦔꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦫꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦚꦤꦚꦤ꧉

‌ꦩꦸꦭꦱꦏꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦁꦱꦶꦁꦱꦒꦸꦃꦢꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦱꦶꦪꦒꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦶꦲꦥꦧꦲꦺꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦚꦤꦚꦤꦧꦏꦭ꧀ꦤꦼꦩꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤ꧀ꦱꦶꦁꦔꦺꦫꦩ꧀ꦩꦏꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧉ꦏꦶꦫꦏꦶꦫꦮꦺꦴꦁꦏꦪꦔꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦏꦥꦽꦕꦪꦲꦤ꧀꧉ꦏꦶꦠꦧꦶꦱꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦝꦺꦮꦺꦲꦥꦏꦶꦠꦮꦶꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦱꦼꦠꦾꦩꦶꦤꦁꦏꦮꦺꦴꦁꦥꦶꦠꦪ?ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦥꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦗꦭꦫꦤ꧀ꦤꦺ?

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ

ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦼꦠꦾꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦔꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦶꦲꦪꦃꦲꦤ꧀ꦗꦒꦶꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱꦿꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦏꦮꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦤ꧀ꦠꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦫꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉

ꦲꦩꦶꦤ꧀


Waosan
1Tès. 3, 7-13
Muga-muga Gusti Allah marengna kowé padha mundhak-mundhak sarta lubèr-lubèr ing katresnan marang pepadha lan marang kabèh wong.
Matéus 24, 42-51
Dipadha siyaga.

Panglimbang

Panglipur gedhé tumrap rasul, yèn kepareng meruhi umaté padha teguh ing pangandelé. Paulus kepareng ngalami sing kaya mangkono iku. Nanging kabèh banjur dikonduraké marang Pangéran sing akarya kabèh iku. Mulané penuh atur panuwun lan tansah nyembayangaké supaya padha mundhak-mundhak katresnané marang pepadha.

Ana ing pangandika bab jaman pungkasan Gusti ngajak kita padha tansah siyaga lan migunakaké wektu saapik-apiké. Awit kita ora ngerti kapan rawuh Dalem Gusti sing wekasan.

Tugas abdi ing kéné iki digambaraké minangka wong sing ngedum mangan kanggo wong-wong liya. Abdi ing kéné bisa minangka Gereja, uga kita kabèh. Ngedum mangan minangka lambang ayahan Gréja sing kudu ngedum panguripan lan njaga kanggo umaté. Iki ayahan kita minangka wong pracaya, yaiku siyaga lan njamin panguripan pepadha.

Mula mung wong sing tansah siyaga saguh milih endi sing penting ing panguripan sakterusé. Siyaga iku gegandhèngan karo rawuh Dalem sing ora kanyana-nyana.

Mula saka iku, mung sing saguh dadi abdi sing siyaga ngadepi apa baé sing ora kanyana-nyana bakal nemokaké kabegjan sing ngéramaké ana ing katresnan Dalem. Kira-kira wong kaya ngono iku wis pantes dadi wong kapercayan. Kita bisa takon karo awaké dhéwé, apa kita wis pantes nyebut abdi sing setya minangka wong pitaya? Yèn durung, apa sing dadi jalarané?

Sêmbahyang

Gusti, Rama kawula ing swarga, keparenga kawula tansah setya anggèn kawula ngembani ayahan njagi samukawis ingkang dipun pasrahaken dhateng kawula. Keparenga kawula tansah ngantu-antu rawuh Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

Amin.

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.