ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺꦭꦤ꧀ꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀
ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦚꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦔ꧀ꦭꦪꦤ꧀ꦤꦶꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ꧉ꦲꦺꦴꦫꦠꦲꦸꦢꦢꦶꦒꦮꦺꦤꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦪꦧꦥꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦏꦺꦲꦸꦠꦮꦩ꧀ꦧꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁ꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦫꦸꦩꦁꦱꦧꦸꦔꦃꦢꦺꦤꦺꦢꦶꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ꧉
ꦱꦧ꧀ꦢꦧꦶꦭꦲꦶꦲꦶꦱꦶꦃꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦫꦁꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶ꧉ꦲꦶꦏꦶꦩꦒꦼꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦱꦶꦥꦠ꧀ꦩꦸꦤꦥ꦳ꦶꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦭꦩꦶꦱ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦥꦠ꧀ꦱꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦔꦏꦺꦧꦧ꧀ꦱꦶꦁꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦭꦲꦶꦂꦫꦶꦪꦃꦤꦔꦶꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦉꦒꦼꦢ꧀꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠꦤꦩ꧀ꦥꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦭꦏꦧꦺꦃꦊꦭꦩꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦲꦸꦲꦺꦴꦫꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦢꦶꦩꦺꦴꦝꦺꦭ꧀ꦏꦶꦠ꧉ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦭꦶꦤꦺꦤꦩ꧀ꦥꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦏꦶꦠꦲꦠꦸꦂꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦼꦥꦝꦁꦭꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦱꦏꦉꦉꦒꦼꦢ꧀ꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦱꦸꦮꦺꦤꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦶꦠ꧉
ꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦏꦸꦮꦶꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦂꦫꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦱꦶꦁꦔꦫꦃꦤꦺꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦗꦂꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦒꦮꦺꦒꦮꦺꦲꦥꦩꦤꦺꦃꦭꦩꦶꦶꦱ꧀꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦊꦩ꧀ꦩꦫꦁꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦺꦏꦪꦏꦸꦧꦸꦂꦫꦤ꧀ꦱꦶꦁꦗꦧꦤꦺꦢꦶꦲꦥꦶꦏ꧀ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦤꦔꦶꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦧꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦩꦂꦒꦊꦭꦩꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦸꦫꦁꦲꦢꦶꦭ꧀꧉ꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶꦔꦁꦒꦼꦥ꧀ꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦤꦧꦶꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦸꦤꦩꦁꦏꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦥꦝꦚꦺꦢꦤꦶꦥꦫꦤꦧꦶ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦧꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦸꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦏꦥꦉꦁꦔꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦁꦒꦼꦱꦁꦏꦮꦸꦭ꧉ꦗꦼꦂꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Paulus nyritakaké anggoné nglayani umat ing Tésalonika. Ora tau dadi gawéning liyan. Kaya bapa anggoné ngélingaké utawa mbombong. Mulané rumangsa bungah déné dianggep utusaning Allah déning umat ing Tésalonika.
Sabda bilai isih diparingaké Gusti marang para Parisi. Iki magepokan bab sipat munafik utawa lamis, yaiku sipat sing mentingaké bab sing kétok utawa lahiriah, nanging jeroné reged. Yèn kita nampa sabda Dalem Gusti, mula kabèh lelamisan mau ora pantes dadi modhél kita. Kosokbaliné nampa Sabda Dalem Gusti ateges kita atur panuwun wis pikantuk pepadhang lan resik saka rereged sing wis suwé nèmpèl ing urip kita.
Sabda Dalem kuwi sing dadi oboring urip sing ngarah neng tumindak wajar, ora digawé-gawé, apa manèh lamis. Gusti mungkasi pangandika Dalem marang para Parisi, sing digambaraké kaya kuburan sing jabané diapik-apik, nanging jeroné bosok marga lelamisan lan tindak kurang adil. Para Parisi nganggep kaya déné para nabi ing jaman kuna, mangka sajatiné turuné wong-wong sing padha nyédani para nabi.
Sêmbahyang
Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun déné sampun pinaringan nabi ingkang agung piyambak, ingkang martosaken Asma Dalem dhateng kawula. Keparenga Panjenenganipun tansah nedahaken margining gesang kawula. Jer Panjenenganipun punika ingkang jumeneng ing salami-laminipun.
Amin.

Tidak ada komentar: