ꦏꦲꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ
ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦩꦶꦤꦁꦏꦫꦱꦸꦭ꧀꧈ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦭꦺꦫꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦩꦠ꧀ꦠꦺ꧉ꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦏꦁꦢꦶꦮꦂꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦪꦲꦶꦏꦸꦏꦧꦂꦏꦼꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦧꦺꦃꦲꦸꦩꦠ꧀꧉ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦺꦥꦏꦂꦪꦤꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏꦫꦢꦲꦤꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦫꦺꦏꦫꦺꦴꦲꦧ꧀ꦢꦶꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦶꦁꦱꦁꦱꦫꦱꦶꦁꦢꦶꦕꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦫꦤꦧꦶꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶꦲꦶꦁꦥꦩꦿꦶꦃ꧉ꦩꦭꦃꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦔꦸꦭꦸꦁꦔꦏꦺꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦔꦸꦭꦸꦁꦔꦏꦺꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺ꧉
ꦲꦤꦲꦶꦁꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦺꦢꦸꦏꦢꦊꦩ꧀ꦩꦫꦁꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶ꧉ꦢꦶꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦺꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝꦔꦸꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦱꦶꦁꦧꦏꦸ꧇ꦏꦲꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦭꦤ꧀ꦏꦱꦼꦠꦾꦤ꧀꧉ꦏꦪꦏꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦧꦠꦶꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦽꦭꦸꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦠꦠꦭꦲꦶꦂꦱꦶꦁꦩꦺꦴꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦂ꧉ꦫꦤ꧀ꦥꦱꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀ꦏꦧꦃꦲꦶꦏꦸꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦁꦭꦤꦔꦪꦮꦫꦏꦪꦕꦮꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦱꦏꦗꦧꦤꦺꦤꦔꦶꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦫꦮꦠ꧀꧉ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦪꦺꦱꦸꦱ꧀꧇ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦲꦤꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦗꦧꦤꦺꦫꦏ꧀ꦏꦠꦸꦠ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺ꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦫꦤꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦮꦸꦃꦲꦶꦏꦮꦸꦭꦲꦠꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦢꦊꦩ꧀꧉ꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦏꦥꦉꦁꦔꦫꦺꦴꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦭꦫꦤꦏꦮꦸꦭꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦱꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦫꦤ꧀ꦱꦁꦏꦿꦶꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Minangka rasul, Paulus tanpa lèrèn anggèné martakaké Injil kanggo umaté. Kanggo Paulus Injil kang diwartakaké yaiku kabar keslametan kanggo kabèh umat. Paulus nggambaraké pakaryané ana ing Tésalonika. Rada ana èmpêré karo abdining Allah sing sangsara, sing dicritakaké para nabi. Paulus babar pisan sepi ing pamrih. Malah kepéngin ora mung ngulungaké Injil, nanging uga ngulungaké uripé.
Ana ing waosan Injil, Gusti nglajengaké duka Dalem marang para Parisi. Dièngetaké anggoné padha ngugemi angger aja nganti ninggal sing baku: kaadilan, welas asih lan kasetyan. Kayakinan batin luwih perlu tinimbang tata-lair sing mompyor. Tanpa sing batin, kabèh iku kosong lan ngayawara. Kaya cawan ora mung élok saka jabané, nanging jeroné kudu dirawat. Pangandika Yésus: "Resikana dhisik jeroné, mengko jabané rak katut resik dhéwé".
Sêmbahyang
Gusti, Rama kawula ing swarga, kawula munjuk sembah nuwun karana Panjenenganipun ingkang ngrawuhi kawula atas Asma Dalem. Panyuwun kawula ingarsa Dalem keparenga Rohipun njalarana kawula dados tiyang énggal ingkang gesang wonten ingarsa Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.

Tidak ada komentar: