ꦧꦶꦭꦲꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦥꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦸꦠ
ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁ
ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ꦲꦚꦂꦱꦶꦁꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦺꦏꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦠꦸꦗꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦫꦁꦲꦸꦩꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦺꦱꦭꦺꦴꦤꦶꦏ꧉ꦥꦲꦸꦭꦸꦱ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦽꦒꦥꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈ꦥꦔꦉꦭ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦤꦩ꧀ꦥꦱꦧ꧀ꦢꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧉ꦩꦽꦒꦠꦸꦭꦝꦤꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦲꦸꦮꦂꦠꦏꦧꦸꦔꦃꦲꦤ꧀ꦧꦶꦱꦢꦶꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦱꦏꦺꦲꦶꦁꦱꦏꦶꦮꦪꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦺ꧉
ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦥꦶꦁꦠꦼꦭꦸꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦥꦫꦶꦁꦱꦧ꧀ꦢꦧꦶꦭꦲꦶꦩꦫꦁꦥꦫꦥꦫꦶꦱꦶꦲꦮꦶꦠ꧀ꦥꦝꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦠꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦲꦁꦒꦼꦂꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦤꦺ꧉ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦢꦶꦠꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦢꦶꦧꦉꦁꦔꦶꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦥꦝꦲꦺꦴꦫꦒꦠꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦔꦗꦏ꧀ꦏꦶꦠꦱꦸꦥꦪꦲꦺꦴꦫꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦭꦩꦶꦱ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧉ꦏꦶꦠꦢꦶꦪꦗꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦔꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦏꦺꦩꦸꦠꦸꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦏꦶꦠꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺꦲꦥꦱꦶꦁꦢꦶꦪꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦔꦏꦺꦪꦢꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦟ꧀ꦛꦶꦠꦽꦥ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦲꦝꦼꦝꦱꦂꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉
ꦲꦥꦏꦶꦠꦲꦱꦿꦶꦁꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦭꦩꦶꦱ꧀?ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦱꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ?ꦲꦪꦺꦴꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦮꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦸꦥꦪꦏꦶꦠꦧꦶꦱꦔꦸꦫꦁꦔꦶꦱꦸꦏꦸꦂꦱꦸꦏꦸꦂꦔꦶꦭꦁꦔꦶꦮꦠꦏ꧀ꦭꦩꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦁꦱꦪꦢꦢꦶꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦱꦶꦁꦢꦸꦮꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦶꦥꦠ꧀ꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀꧉
ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦪꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦥꦉꦁꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦱꦸꦚꦠꦤ꧀ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦶꦪꦺꦱꦸꦱ꧀ꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦏꦠꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦒꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦶꦤ꧀꧉
ꦲꦩꦶꦤ꧀
Waosan
Panglimbang
Kitab prajanjian anyar sing dhisik dhéwé iki ditulis ing antarané taun sèket lan ditujokaké marang umat ing Tésalonika. Paulus munjuk sembah nuwun ingarsaning Allah marga pangandel, pangarep-arep lan katresnané wong-wong anggoné nampa sabda Dalem Gusti. Marga tuladhané iku mau warta kabungahan bisa diterusaké ing sakiwa-tengené.
Nganti kaping telu Gusti anggèné paring sabda bilai marang para Parisi, awit padha luwih nggatèkaké angger tinimbang manungsané. Janji ditumpuk-tumpuk, dibarengi tetembungan, nanging padha ora nggatèkaké Pangéran piyambak. Gusti Yésus ngajak kita supaya ora dadi wong sing lamis ana ing urip iki. Kita diajak kanggo ngembangaké mutu pribadi kita. Tegesé apa sing diomongaké ya ditindakaké kanthi trêp tenanan lan kabèh mau adhedasar piwulang Gusti piyambak.
Apa kita asring dadi wong-wong sing lamis? Nèng bab apa biasané kita gampang dadi lan tumindak lamis? Kok iso mangkono? Ayo nyuwun kakuwatan Gusti supaya kita iso ngurangi sukur-sukur ngilangi watak lamis lan sangsaya dadi pribadi sing dhuwèni sipat kawibawan.
Sêmbahyang
Gusti Allah kawula, kawula munjuk sembah nuwun, déné kepareng mangertos dhateng kasunyatan awit saking piwulangipun Sri Yésus, Putra Dalem. Mugi sadaya tiyang katuntuna dhateng katentreman, ingkang kasagahanipun pinanggih ing Panjenenganipun, ingkang jumeneng ing salami-laminipun.
Amin.

Tidak ada komentar: